Jiwa Raga Konjuk Mring Pamarta Pancaran Air Hidup 3 Februari 2025

3 February 2025

Waosan: 1 Para Raja 17 : 8 – 16  |  Pamuji: KPJ. 161
Nats: “Amarga mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel: Glepung ing wadhah iku ora bakal entek sarta lenga ing guci iku uga ora bakal suda, nganti wus tekan ing titi-mangsane Sang Yehuwah paring udan ana ing bumi.” (Ayat 14)

Lirik lagu KPJ. 161 wiwitanipun makaten: “Jiwa raga kawula konjuk mring Sang Pamarta.” Kados pundi kita ngraosaken lirik lagu punika gegayutan kaliyan gesang kita? Sepinten kathah tiyang ingkang saestu manteb jiwa lan raganipun dipun agem Gusti? Menawi kita pirsani malih, pinten persen wekdal ing gesang kita, ingkang sampun kita pisungsungaken kagem kamulyaning Gusti? 100 persen? 80 persen? 50 persen? Sadaya punika, ingkang saged paring wangsulan nggih kita sacara pribadi.

Saking waosan bab nabi Elia lan randha ing Sarfat punika kita mirsani kados pundi kahanan gesang ing wanci punika. Randha ingkang namung gadhah yoga putri punika kedhah ngupadi gesang tanpa pitulungan saking tetangginipun awit status sosialipun minangka randha punika status ingkang asor ing masyarakat. Lajeng kahanan mangsa ketiga ingkang sampun dangu ndadosaken sumber tetedhan, tetanduran, lan toya ewet sanget. Wonten ing kahanan ingkang mekaten punika nabi Elia paring pangatag kangge randha punika, bilih Gusti Allah badhe mitulungi brayatipun temah saged gesang ngantos mangsa rendheng dugi. Pangatag punika ingkang ndadosaken randha kalawau purun maringaken roti ingkang sejatosipun sampun pungkasan kangge brayatipun dhateng nabi Elia. Selajengipun Gusti Allah makarya tansah paring kacekapan dhateng randha ingkang sampun pitados lan misungsungaken gesangipun kagem nulungi nabi Elia utusanipun Gusti punika.

Saking carita nabi Elia lan randha Sarfat punika, kita saged sinau bilih kita pitados dhateng Gusti lan purun misungsungaken jiwa lan raga kita kagem kamulyaning Gusti, mangka Gusti Allah tansah nulungi lan paring kacekapan dhateng gesang kita. Pramila saking punika, sampun ngantos kita rumaos kuwatos lan ajrih, nanging mangga kita sami pitados dhateng Gusti. Mangga kita tansah ngupadi sadaya lampah gesang kita minangka pisungsung ingkang endah kagem Gusti, temah saking lampahing gesang kita, asmanipun Gusti tansah kaluhuraken. Amin. [RES].

“Jiwa raga kawula konjuk mring Sang Pamarta.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak