Waosan: Jabur 147 : 1 – 11 | Pamuji: KPJ. 428 : 1, 3
Nats: “Pangeran Yehuwah karenan marang wong kang ngabekti marang Panjenengane, lan para wong kang ngarep-arep marang sih kadarmane.” (Ayat 11)
Bapa utawi Ibu guru ingkang mucal wonten ing sekolahan mesthi nresnani sedaya muridipun tanpa pilih kasih. Nanging kala-kala saged kelampahan, wonten salah satunggaling murid ingkang pinaringan katresnan linangkung tinimbang murid-murid sanesipun, istilahipun murid ingkang dipun tresnani gurunipun. Sinten murid ingkang kasebat dipun tresnani dening gurunipun punika? Murid punika adatipun lare ingkang paling pinter saking sedaya rencang sakelasipun. Kanthi makaten, sajakipun Bapa utawi Ibu guru punika anggenipun nresnani si lare pinter kalawau mboten krana pilih kasih nanging kapara krana raos karenan lan marem awit sedaya piwucal ingkang dipun paringaken dipun estokaken kanthi sae dening murid punika temah dados pinter.
Gusti Allah Maha-adil, Panjenenganipun tamtu mboten pilih kasih. Ewa-samanten ing ayat 10-11 dipun dhawuhaken bilih Pangeran Yehuwah remen dhateng tiyang ingkang ngabekti dhateng Panjenenganipun lan para tiyang ingkang ngajeng-ajeng dhateng sih kadarman-Ipun (Ay. 11). Kosokwangsulipun Panjenenganipun mboten remen dhateng tiyang ingkang gumunggung ngandelaken kakiyatanipun piyambak (Ay. 10). Ayat punika nedahaken bilih Gusti Allah pancen nresnani sedaya tiyang kanthi mboten mbenten-mbentenaken lan mboten pilih kasih nanging pranyata tetep kepara tresna dhateng tiyang ingkang nedahaken pambangun turut dhateng Panjenenganipun. Kados ingkang kasebataken ing ayat 11 kalawau bilih Gusti Allah karenan tiyang ingkang ngabekti dhateng Panjenenganipun.
Para umat kagunganipun Gusti, sumangga kita sami gesang wonten ngarsanipun Gusti kanthi nedahaken pambangun turut ingkang saestu supados kita sami dados murid utawi putra kinasihipun Gusti Allah ingkang dipun tresnani. Saiba bingahipun menawi Gusti Allah karsa nandukaken sih katresnan dhateng kita kanthi maligi krana anggen kita sampun ngestokaken sedaya dhawuh pangandikan-Ipun saha nglampahi gesang mbangun miturut ing pangreh-Ipun. Ing ngriku gesang kita mesthi tansah katuntun dening Gusti temah tinebihaken saking sawarnining pambengan lan panggodha. Malah gesang kita ugi sansaya linuberan ing berkah peparingipun Gusti temah tansah kacekapan lan mboten kakirangan satunggal punapa. Amin. [esje].
“Anak ingkang mbangun miturut mbingahaken tiyang sepuh, dene ingkang mbalela mrihatosaken.”