Stereotip Renungan Harian 3 Februari 2019

3 February 2019

Waosan : Lukas 4 : 21 – 30 | Pamuji : KPJ 426
Nats : ”Aku pitutur marang kowe, sanyatane ora ana nabi kang kajen ana ing tanah asale” [ayat 24]

Wonten ing satunggal lagunipun Ebiet G. Ade ingkang irah-irahanipun ”Kalian Dengarkan Keluhan” wonten
perangan lagu ingkang kaserat mekaten : “Apakah buku diri ini selalu hitam legam?
Apakah dalam sejarah orang mesti jadi pahlawan? Sedang Tuhan di atas sana tak pernah menghukum dengan sorot mata yang lebih tajam dari matahari.” Tegesipun lagu menika nyariosaken wonten satunggal tiyang ingkang nate kaukum pidana lan nalika sampun medal saking pakunjaran ngraosaken awrat pados pedamelan karana dipunjeksani tiyang kathah.
Miturut KBBI patrap kados mekaten menika kawastanan stereotip ingkang tegesipun gambaran kangge tiyang utawi
golongan tartamtu ingkang dhasaripun namung krana pamanggih pribadi ingkang boten mesthi leres.

Sedaya tiyang saged kenging stereotip saking sesaminipun, kalebet ingkang dipunraosaken dening Gusti Yesus miturut waosan kita punika. Sabibaripun Gusti Yesus paring piwulang ing Sinagoge kutha Nasaret kathah tiyang ingkang cluluk ”Apa kuwi dudu anake Yusuf?”. Kados-kadosipun menawi tiyang sepuhipun namung tukang kayu lajeng putranipun boten perlu dipunajeni karana tansah dianggep andhap drajatipun. Punika salah satunggiling wujud stereotip ingkang asring kedadosan.

Menawi kita ngalami kados mekaten sampun ngantos kita namung kendel lan namung saged nelangsani dhiri. Kita perlu pasrah dumateng Gusti Allah supados Panjenenganipun ingkang tumindak lan Karsanipun binabar. Kita kantun nglampahi punapa ingkang dados bagian kita dene salajengipun Gusti ingkang mranata.

Pancen stereotip punika mbebayani. Sae kangge ingkang kenging cap stereotip lan ugi kangge tiyang ingkang taksih ngugemi pamanggih mekaten. Ingkang kenging cap dados minder, dene ingkang mastani tansah negative thinking. Sumangga tansah ngugemi bilih kita punika titah ingkang aji kados dene sabdanipun Gusti ingkang mekaten: “ Nanging pepaesmu iku yaiku kamanungsan batin kang ora bisa rusak, kang asale saka roh kang sareh, tentrem, kang pangaji banget ana ing ngarsane Allah” (1 Petrus 3:4. [ADS]

“Punapa kemawon kawontenan kita, Gusti tetep tresna.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak