Waosan: Yesaya 54 : 1 – 10 | Pamuji: KPJ. 128
Nats” “Sabab sanadyan gunung-gunung padha ngalih lan tengger-tengger padha gonjing, nanging sih-susetyaningSun ora bakal ngalih saka ing sira tuwin prajanjian-karukunan peparingSun ora bakal owah gingsir,….” (Ayat 10)
Sesambetan antawisipun tiyang jaler lan estri minangka garwa mboten namung dados ikatan legal ing gesang bebrayan, nanging dados sesambetan gesang ingkang lebet, ingkang kawangun kanthi raos silih gumantung, silih paring, saha silih tanggap kanthi katresnan. Saben tumindak lan sikep ngemu pangertosan lan pikajengan ingkang kapriksa. Nalika satunggal sedhih, satunggal sanesipun maringi panglipur. Nalika satunggal sayah, satunggal sanesipun dados pangayoman. Kados kalih manungsa ingkang milih tetep silih tanggap ing katresnan, ingkang saben dinten dipun anyari.
Katresnanipun Gusti ing waosan kita dipun gambarkaken kados sesambetan antawisipun tiyang jaler lan estri minangka garwa. Katresnan punika mulihaken, mboten nyerah nalika kalepatan kedadosan. Katresnan tansah maringi papan kangge pangajeng-ajeng enggal. Ing waosan punika, Gusti ngandharaken sesambetanipun kaliyan umat mawi basa pernikahan: sanadyan umat sampun nate “katilar” amargi pamberontakan, katresnanipun Gusti mboten sirna. Panjenenganipun nelakaken malih sih katresnan ingkang ageng, mulihaken lan ngiket malih prajanjian-Ipun. Punika dados gegambaran katresnan ingkang mboten gumantung dhateng kahanan utawi mangsa gesang, nanging prajanjian katresnan ingkang tansah dipun perjuangaken supados dados enggal saben dinten. Katresnanipun Gusti mboten nate ewah.
Kadosdene satunggaling garwa ingkang mboten nyerah ing sesambetanipun, mekaten ugi Gusti maringi pakurmatan dhateng kita umat-Ipun. Kita mboten malih dipun wastani “ingkang katilar,” nanging “ingkang katresnani.” Mila saking punika, tanggapan ingkang paling layak dhumateng katresnan kados makaten, inggih punika bakti, sikep manah ingkang sumuyud, setya, sarta manembah dhumateng Gusti. Bakti punika mboten namung tumindak ritual, nanging wujud relasi manah ingkang gesang. Kita ingkang mboten pantes, nanging dipun tresnani. Kita ingkang mboten sampurna, nanging dipun pulihaken. Kita ingkang asring kesasar, nanging tansah dipun antosi supados wangsul malih. Mangga lumantar bakti, gesang iman kita saged ta dados wujud panuwun kita tumrap katresnanipun Gusti. Pangibadah kita dados pangungkap katresnan. Kasetyan kita dados pangilon katresnan ingkang dipun tampi. Amin. [ES].
“Katresnan sejati punika boten nggoleki kasampurnan, nanging karsa kagem saling nyampurnakaken wonten ing satengahing kawontenan ingkang boten sampurna.”