Ngumbah Urip Pancaran Air Hidup 3 Desember 2024

3 December 2024

Waosan: Wahyu 22 : 12 – 16  |  Pamuji: KPJ. 46
Nats: “Rahayu wong kang padha ngumbah sandhangane. Iku kang bakal padha duwe wewenang tumrap wit-wit panguripan, lan lumebu ing kutha, liwat ing gapura-gapurane.” (Ayat 14)

Umbah-umbah punika prekawis ingkang mboten saged dipun lirwakaken. Ing satunggal minggu, mbok menawi saged kaping kalih utawi tiga anggen kita umbah-umbah rasukan kita. Menawi sibuk, mboten wonten wekdal kangge umbah-umbah piyambak, kita saged ngginaaken jasa laundry. Ananging kathah ingkang rumaos mboten mantep menawi mboten dipun ucek piyambak. Kanthi dipun ucek piyambak, kita saged mengertos pundi rasukan ingkang perlu dipun resiki kanthi extra karana wonten regedan ingkang kandel. Jenis ingkang mekaten mboten saged ical bilih namung dipun ucek biasa. Bilih perlu dipun tambahi cairan pembersih khusus supados regedan bandhel saged ical lan rasukan dados resik malih.

Waosan kita dinten punika mujudaken pawartos bab rawuhipun Gusti Yesus. Rawuhipun Gusti Yesus badhe paring ganjaran dhumateng sadaya manungsa, adhedhasar laku gesangipun. Ing satengah rawuhipun, Gusti Yesus remen kaliyan tiyang ingkang sami ngumbah rasukanipun. Ingkang dipun kersakaken Gusti Yesus ing waosan punika tamtu sanes umbah-umbah rasukan ingkang dipun agem ing badan. Langkung saking punika, ingkang dipun kersakaken Gusti Yesus inggih punika umbah-umbah gesang. Gesanging manungsa punika ugi asring kathah rereged, ing pikiranipun, ing pocapanipun, ugi ing tindak tandukipun. Sok sinten ingkang purun umbah-umbah gesang, tiyang ingkang mekaten punika ingkang dipun paringi kanugrahan ageng saking Gusti (Ay. 14).

Umbah- umbah rasukan, saged kita tindakaken seminggu rambah kaping kalih utawi tiga punika limrah. Ngumbah gesang punika, sejatosipun mboten namung sepisan, ing wekdal dinten minggu kemawon, utawi kaping kalih, dipun tambah ing ibadah patuwen brayat, ananging mangga ngumbah gesang kita punika, kita tindakaken saben dinten. Nalika kita rumaos wonten regedan ing manah, ing pocapan, ing tindak tanduk kita, mangga enggal “diucek” kanthi dipun sadhari lan dipun resiki. Mangga kita enggal nyuwun pangapunten saha enggal gumregah nebih saking sumbering rereged. Punika cara ingkang kita tindakaken kagem mapag rawuh-Ipun. Amin. [PKS].

“Regedan urip aja disimpen, marakke ora sehat lair batine”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak