Waosan : Ibrani 11 : 32 – 40 | Pamuji : KPJ. 421
Nats:“Jalaran Gusti Allah wus nyadhiyani kang luwih becik tumrap kita, …”(Ay. 40)
Pangajeng-ajeng punika prekawis ingkang saged bentenaken kita manungsa kaliyan titahipun Gusti sanesipun . Boten wonten cariyos bajing kecalan pangajeng-ajeng lajeng mungkasi gesang nyeblok saking wit klopo ingkang inggil utawi wonten kethek mutung boten purun nedha gedhang malih. Pangajeng-ajeng punika daya kangge nglampahi gesang saben dinten. Tiyang anggenipun saged semplah punika adatanipun amargi sampun boten kagungan malih pangajeng-ajeng. Mila pangajeng-ajeng punika penting sanget.
Nami-nami ingkang kaserat kados Hakim Gidheon, Barak, Simson, Yefta, Prabu Dawud, Samuel lan para nabi (ay. 32), punika para umat kagungaipun Gusti wonten ing Prajanjian Lami ingkang sampun ngetingalaken kapitadosan lan pangajeng-ajeng dhumateng Gusti. Para umat ingkang sampun ngraosaken pangrimatipun Gusti. Para nabi ingkang saged dados tuladha kangge tiyang-tiyang Ibrani anggenipun nderek Gusti. Umat wonten ing Prajanjian Enggal langkung begja lan unggul tinimbang umat Prajanjian Lami, awit umat Prajanjian Enggal sampun nampi kasampurnan ing salebeting rah korbanipun Gusti Yesus Kristus. Menawi para nabi Prajanjian Lami kemawon saged ngetingalakan kapitadosan ingkang mantep dhumateng Gusti, punapa malih umat kagungaipun Gusti ingkang sampun nampi kawilujengan saking Sang Kristus tamtu bakal langkung sae malih.
Menawi kita purun nampi kawilujengan saking Gusti Yesus, temtu kita kedah ndherek Gusti Yesus kanthi pitados. Gusti pirsa kawontenan kita lan boten badhe negakaken kita wonten ing sadaya karibedan. Kita mesthi dipun kanthi lan dipun paringi kekiyatan ugi cara kangge ngatasi sadaya kasisahan. Sinaosa wonten ing sawatawis wekdal kita asring kewetan mangertosi rancanganipun Gusti, nanging kita kedah pitados bilih rancanganipun Gusti punika mesthi sae, rancanganipun Gusti nglangkungi pepinginan kita. Ingkang penting kita tansah gadhah pangajeng-ajeng ing salebeting kapitadosan dhumateng Gusti. (M@uL)
“Pangajeng-ajeng dadosaken gesang kapitadosan kita langkung kiyat”