Dudu Sanak Dudu Kadang yen Mati Melu Kilangan Pancaran Air Hidup 3 Agustus 2023

Waosan: Filipi 4 : 10 – 15  |  Pamuji: KPJ. 338
Nats:
“Nanging iya prayoga tumindakmu, dene kowe wus padha melu ing karibedanku” (Ayat 14)

Salah satunggiling cara anggenipun nggayuh gesang kebak katentreman, inggih punika gesang kebak semangat paseduluran. Tiyang Jawi nggadhahi semangat paseduluran ingkang inggil. Semangat punika ndadosaken tiyang Jawi punika gampil anggenipun sesambetan kaliyan sesami lan gampil anggenipun nuwuhaken raos paseduluran kaliyan sinten kemawon. Ing Tlatah Jawi, ngurmati tiyang sanes punika wigati sanget. Punapa malih tiyang punika sampun kagungan jasa, pakurmatan badhe dipun wujudaken kanthi prayogi kagem tiyang punika. Karana punika, nalika tiyang ingkang dipun ajeni tilar donya, prekawis punika nuwuhaken raos sedhih lan rumaos kecalan sanget. Saged ugi anggenipun ngraosaken sedhih punika langkung sedhih tinimbang nalika ngadhepi patinipun sanak sadherekipun piyambak. “Dudu sanak dudu kadang yen mati melu kelangan”.

Ing salebetipun paladosan ingkang dipun lampahi, Rasul Paulus asring ngraosaken sangsara lan kekirangan. Sanajan ngalami kawontenen ingkang mekaten, rasul Paulus pitados bilih Gusti Allah tansah nyekapi. Ningali kahananipun Paulus ingkang kekirangan punika, nuwuhaken kaprihatosan ing manahipun warga pasamuwan Filipi. Karana punika, warga pasamuwan Filipi sami nunggilaken manah, nyengkuyung punapa ingkang dados bot repotipun rasul Paulus. Tumindakipun warga pasamwuan Filipi ingkang peduli, peka, lan rila anggenipun mbiyantu rasul Paulus ndadosaken kabingahan ing manahipun Paulus. Dukungan punika dadosaken rasul Paulus kiyat ngadepi pacoban lan langkung semangat anggenipun nglampahi paladosan martosaken Injiling Gusti.

Sesambetan antawisipun Paulus lan warga pasamuwan Filipi nuwuhaken raos paseduluran ingkang sae. Paseduluran punika ndadosaken kamanunggalan ing satengahing gesang. Kamanunggalan punika salah satunggiling kakiyatan kangge kita ngadepi sadaya pacoban ing pigesangan. Mila saking punika, sumangga kita nuwuhaken raos paseduluran ing antawis kita. Ing salebeting paseduluran punika, kita boten mbenten-mbentenaken sedherek kita. Mekatena kita sami nggadhahi raos tanggeljawab kangge mujudaken paseduluran ingkang kebak katresnan. Kanthi tumidak punika, kita saged nglampahi gesang ing paring manfaat dhateng sesamining gesang. Amin. [Sungsang].

“Padha Tulung Tinulungo.”

 

Bagikan Entri Ini: