Sangkul-Sinangkul Mangun Sarirane Gusti Pancaran Air Hidup 3 Agustus 2021

3 August 2021

Waosan: 1 Korinta 12 : 27 – 31 | Pamuji: KPJ. 336
Nats:
“Lan Gusti Allah wus netepake wong sawatara ana ing pasamuwan: sapisan dadi rasul, kapindho dadi nabi, ping telune dadi guru. Sabanjure ana kang kaparingan kabisan nganakake mukjijat, marasake, leladi, nenuntun, sarta kabisan migunakake basa roh.” (Ayat 28).

Kita sedaya tamtu mangertos bilih ingkang dipun wastani Greja inggih punika patunggilanipun tiyang ingkang pitados dhateng Gusti Yesus. Saking pangertosan punika saged dipun mangertosi bilih greja punika nggadhahi anggota ingkang kathah lan saben anggotanipun punika nampi sih kanugrahan (karunia) saking Gusti Allah ingkang benten-benten. Awit saking punika, greja saged crah lan pecah, punapa malih bilih saben anggota namung nengenaken kabetahan utawi ego-nipun piyambak.

Punika ingkang kedadosan ing salebeting pasawuman Korinta nalika semanten. Sih kanugrahan (karunia) karohanen ingkang dipun tampi dening saperangan warganing pasamuwan ndadosaken saperangan warga punika gumunggung ing bab karohanen lan ugi wonten saperangan warga ingkang rumaos asor. Warga ingkang rumaos kiyat kepengin dados panguwaos, ingkang ringkih mboten purun dipun ajak leladi. Saking prekawis punika ndadosaken pasamuwan Korinta ngalami crah lan pecah. Karana punika, Rasul Paulus ngengetaken warga pasamuwan Korinta, supados saged gesang nyatunggil. Kawontenanipun pasamuwan punika dipun gambaraken sami kaliyan Sariranipun Sang Kristus (ay. 27). Minangka sarira, sesami warganing pasamuwan punika nggadhahi kalenggahan ingkang sami, setunggal kaliyan sanesipun, mboten wonten ingkang langkung inggil lan andhap ing antawisipun sariranipun Sang Kristus punika.

 Saben tiyang pitados tamtu nggadhahi sih kanugrahan (karunia) ingkang benten. Kenging punapa Gusti maringi sih kanugrahan ingkang benten? Sih kanugrahan ingkang benten punika kedahipun dipun tingali minangka kesempatan supados warga pasamuwan saged mangun sesambetan ingkang sae, sami njangkepi setunggal kaliyan sanesipun, saged sangkul-sinangkul, sami nyengkuyung kangge mangun Sariranipun Gusti. Sedaya punika saged kelampahan bilih kita sami nggadhahi pemanggih bilih sedaya sih kanugrahan namung kagem mbangun turut timbalanipun Gusti lan ngluhuraken Asmanipun Gusti. (nn).

 “Minangka Sarirane Gusti, payo mangun gesang kebak ing katresnan”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak