Ngakua! Renungan Harian 3 Agustus 2020

3 August 2020

Waosan : Purwaning Dumadi 31 : 22 – 32    |   Pamuji : KPJ.  61
Nats:
”…. Amarga Yakub ora weruh yen kang nyolong terafim iku Rakhel.” (Ay. 32)

Rakhel… Rakhel… (sinambi ngelus dhadha lan sirah gedheg-gedheg). Kinten-kinten inggih kados mekaten punika ingkang badhe katindakaken dening Rama Laban lan Yakub saupami panjenenganipun kekalih sami mirsa bilih Rakhel ingkang nyolong terafim kagunganipun Rama Laban. Rakhel mboten purun ngakeni bilih piyambakipun ingkang nyolong terafim kagunganipun Ramanipun. Srana pokal-damelipun Rakhel ingkang kados mekaten, Rama Laban dalasan Yakub (putra mantunipun) ngantos padu. Rama laban mboten karenan awit panjenenganipun rumaos kecalan terafim. Dene Yakub ugi mboten karenan awit barang-bektanipun dipun gledhah dening Rama Laban. Pepadu ingkang kalampahan punika sanes karana Yakub nglimpe dhateng Rama Laban kalawan mboten pamit anggenipun badhe wangsul dhateng tanah leluhuripun. Tumrap prakawis punika, Rama Laban sampun saged mangretosi menggah raos klangenanipun Yakub dhateng leluhuripun (ayat 30). Ananging ingkang ndadosaken Rama Laban saestu duka inggih awit terafimipun kacolong, lan panjenenganipun mboten pirsa sinten ingkang nyolong. Mekaten ugi Yakub inggih mboten sumurup sinten ingkang nyolong. Rakhel, mboten purun ngakeni kalepatanipun.

Saking cariyos punika, kita saged nyinau bilih tumindak lepat ingkang mboten dipun akeni saged nuwuhaken pepadu lan dredah. Pepadu ingkang dipun alami dening Rama Laban lan Yakub ing pareden Gilead, tamtunipun mboten ngantos nuwuhaken dredah ing antawis kekalihipun saupami Rakhel purun ngakeni kalepatanipun. Saged ugi, pepisahan ing antawisipun Rama Laban sapangombyong dalasan Yakub sarombongan badhe kalampahan kalawan kebak ing sukabingah, mboten nilasaken sesatron ing pareden Gilead. Langkung labet malih, kita saged nyinau bilih kalepatan ingkang enggal dipunakeni, tamtu badhe milujengaken kathah pihak lan mboten ndadosaken masalah kepara ngantos ngambra-wara.

Sok sintena kita tamtu nate tumindak lepat lan ndadosaken tetiyang ing sakiwa tengen kita ndherek ngraosaken imbas negatif-ipun. Saking kalepatan lan imbas punika, swawi kita nggegilut bilih kalepatan ingkang enggal dipun akeni, enggal ugi ngrampungaken masalah lan ndadosaken suwasana kondusif awit wonten pangaksama ingkang nyarengi pangaken punika. Pangaksama punika ingkang milujengaken, kados dene pangapuranipun Gusti tumrap dosa kita. [aan]

 ”Yen kowe salah, ngakonana. Yen kowe disalah, ngapuraa!”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak