Waosan: Filipi 1 : 15 – 21 | Pamuji: KPJ. 364
Nats: “Awit mungguh ing aku urip iku Sang Kristus, dene mati iku kabegjan.” (Ayat 21)
Wonten salah satunggaling tani ingkang ngrimati sabinipun kanthi sabar. Piyambakipun mangertos bilih lemah punika dipun-peres terus, tanpa dipun-paringi wektu kangge ngaso, asilipun mboten badhe sae kangge tanemanipun. Mila piyambakipun lajeng mandheg sawetawis. Piyambakipun maringi kalodhangan wekdal supados lemah punika saged pulih malih. Mekaten ugi kawontenan gesangipun kita. Menawi gesang kita namung kapusat kangge dhiri kita pribadi, tamtu sesambetan kita kaliyan sesami lan alam saged risak. Karana punika, gesang kita, kedah kita arahaken dhumateng Sang Kristus. Kita kedah purun ngrimati alam sanes ngrisak alam punika. Kita kedah njagi lan ngrimati bumi ingkang dipun-paringaken Gusti dhateng kita.
Serat Filipi dipun serat Rasul Paulus nalika piyambakipun ing pakunjaran Roma. Ing kahanan punika, Rasul Paulus ngadhepi kasunyatan bilih wonten tiyang-tiyang ingkang martosaken Injil palsu kangge kapentinganipun pribadi. Ngadepi kahanan punika, Rasul Paulus mboten semplah ing manah awit pusat kawigatosanipun mboten dhirinipun pribadi nanging Sang Kristus. Pangakenipun bilih “gesang punika Sang Kristus” nedahaken bilih orientasi gesangipun Rasul Paulus punika namung kapasrahaken dhumateng Gusti Allah. Gesangipun ingkang kapusat dhumateng Sang Kristus punika, nolak egoisme lan kasrakahan. Sanadyan teks punika mboten nyariosaken sacara langsung babagan ekologi, nanging nilai dhasaripun cetha: gesang kagem Sang Kristus punika tegesipun gesang kanthi tanggel jawab, mboten ngrusak, nanging ngajeni sadaya titah minangka bagian saking pakaryanipun Gusti Allah.
Filipi 1:15–21 ngengetaken kita supados ningali malih orientasi gesang kita. Menawi gesang kita punika kapusat ing Sang Kristus, cara kita nyambut damel, ngginakaken sumber daya, lan ngrimati alam punika kedah nggambaraken katresnanipun Sang Kristus. Krisis ekologi punika lair saking gesang ingkang kapusat kangge kapentingan pribadi, lan mboten wonten raos tanggel jawab. Pramila kita kedah nglampahi pamratobat ekologis. Kita kedah ngowahi sikep gesang kita, saking nguwasani dados ngrimati, saking ngrusak dados njagi. Kitab Suci nuntun kita dhateng pamratobat ekologis ingkang nyata, inggih punika gesang prasaja, peduli dhateng lingkungan, lan setya nngrimati bumi minangka sih-rahmatipun Gusti kangge gesang kita. Mangga kita tindakaken pamratobat ekologis salebeting gesang kita. Amin. [WAY].
“Gesang kagem Sang Kristus nuntun kita ngreksa bumi kanthi katresnan lan tanggel jawab.”