Resiko Pancaran Air Hidup 29 September 2025

29 September 2025

Waosan: Amos 6 : 8 – 14  |  Pamuji: KPJ. 431
Nats: “Pangeran Yehuwah wus supaos demi sarirane piyambak, …“Ingsun enek mirsani piangkuhe Yakub, lan sengit marang kadhatone; nagara saisine bakal Sunulungake.” (Ayat 8)

Mboten sedaya tiyang wantun kangge ngengetaken sedherekipun ingkang lepat. Kenging punapa? Awit tiyang ingkang ngengetaken punika saged ugi dipun mengsahi, dipun benci kaliyan sesami ingkang dipun engetaken punika. Wonten risiko ingkang ageng kangge piyambakipun ingkang wantun negur lan ngengetaken kalepatan sesaminipun. Mila ingkang asring kita panggihi ing gesang: kita mangertos wonten tiyang ingkang tumindak awon lan lepat, nanging kita mendel kemawon, pados slametipun piyambak.

Kacariyos ing waosan kita, tumindakipun bangsa Israel tebih saking karsanipun Gusti. Bangsa Israel langkung ngenut kapitadosanipun bangsa sanes ingkang nyembah brahala lan tumindak awon. Bangsa Israel sampun nyimpang saking karsanipun Gusti lan awrat dipun engetaken. Ing swasana mekaten punika, nabi Amos dipun utus Gusti Allah kangge ngegetaken bangsa Israel tumrap dosa-dosanipun. Tamtu ayahanipun nabi Amos punika nggadah resiko ingkang ageng. Nabi Amos kanthi tatag kersa nanggel resiko ingkang awrat punika. Piyambakipun wantun ngengetaken bangsa Israel supados mratobat lan wangsul malih ing margining Gusti. Pepenget punika wujud  katresnanipun Gusti Allah dhateng bangsa Israel, supados bangsa Israel sami wilujeng. Mila senadyan awrat, nabi Amos tetep martosaken paukuman dan sih rahmatipun Gusti dhateng bangsa Israel. Saking ngriki kita saged ningali nabi Amos ingkang dados talang pakaryanipun Gusti kangge bangsa Israel (Ay. 8).

Kita ugi dipun utus Gusti dados talang pakaryan-Ipun kababar ing gesang punika. Kita saged nuladha tumindakipun nabi Amos, ingkang kanthi tatag wantun ngengetaken kalepatanipun bangsa Israel ugi sih rahmatipun Gusti Allah senadyan awrat. Kita kedah wantun nanggel resiko kagem martosaken piwucal lan dawuhipun Gusti, mliginipun ing sasi Kitab Suci punika. Kitab Suci punika kabar kabingahan ing gesang kita. Mangga kita ugemi lan tindakaken Sabdanipun Gusti ingkang kaserat ing Kitab Suci punika. Sumangga kita dados talanging kabar kabeneran wonten ing gesang kita pribadi, sesami, lan sedaya titahipun Gusti. Amin. [GF].

“Martosaken kabar kabingahan punika awrat, ananging saged gampil lan mbingahaken bilih kita sami sumadya.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak