Waosan: Markus 9 : 38 – 50 | Pamuji: KPJ. 357
Nats: “Nanging paring wangsulane Gusti Yesus: “Aja kok penging, awit ora ana wong kang nindakake mukjijat atas jeneng-Ku, banjur ngala-ala Aku. Sing sapa ora nyulayani kita dadi ngrojongi kita.” (Ayat 39-40)
Bilih kita mirsani berita-berita wonten TV utawi media sosial, punika saged dadosaken kita sami ngelus dada. Kenging punapa? Amargi ing dinten-dinten punika, kathah sanget berita-berita ingkang nggegirisi. Contonipun: perang Rusia-Ukraina ingkang dereng rampung, perang Israel-Palestina ingkang mbetha negari sanesipun tumut perang. Wonten Indonesia piyambak, taksih kathah sanget aksi-aksi kekerasan, tawuran, pembunuhan, kadosdene prastawa carok Bangkalan. Mekaten ugi kasus-kasus diskriminasi lan kekerasan agami kathah sanget cacahipun. Kahanan punika tamtunipun nuwuhaken pitakenan, ”Punapa sampun mboten wonten malih raos welas lan katresnan ing manahipun manungsa jaman samangke?”
Mboten saged dipun selaki, bilih benten kapitadosan lan benten pemanggih punika asring dados jurang pemisah ingkang nuwuhaken crah antawisipun kelompok. Kados ing waosan wekdal punika. Wiwitanipun, para sakabat mboten remen kaliyan tiyang sanes ingkang nundhung setan atas asmanipun Gusti Yesus. Para sakabat punika nggadhah pemanggih, bilih namung golongan/kelompokipun kemawon ingkang angsal damel mukjizat ing dalem asmanipun Gusti Yesus (Ay. 38). Nanging ing ngriku, Gusti Yesus paring dhawuh supados tiyang kalawau mboten perlu dipun penging (Ay. 39). Gusti Yesus ngendika, ”Sing sapa ora nyulayani kita, dadi ngrojongi kita.” (Ay. 40). Artosipun Gusti Yesus ngersakaken supados para sakabat punika sami pados dulur lan sanes pados mengsah. Sampun ngantos para sakabat punika dados tiyang ingkang eksklusif lan gampil nampik tiyang sanes ingkang benten kelompok/golonganipun, punapa malih nampik kelompok ingkang dereng sumerep margi ingkang sejati.
Kita minangka umatipun Gusti Yesus, kedhah nggadhah raos tresna lan pemanggih ingkang tinarbuka tumrap tiyang sanes. Sampun ngantos kita punika dados tiyang ingkang eksklusif, tiyang ingkang nampik tiyang sanes ingkang benten kelompok/golongan kaliyan kita. Sumangga kita mbangun semangat pados dulur. Matemah kita saged ngrangkul sanes mukul, mbina sanes ngina lan mbela sanes cela. Awit saking tumindak kita punika, mugi tiyang ingkang dereng wanuh kaliyan Gusti Yesus, saged sumerep margi lan katresnan ingkang sejati, sarta sansaya dinten sansaya ngluhuraken asmanipun Gusti. Amin. [YAH].
“Nyawiji mbangun urip kang adya tentrem raharja.”