Waosan: Zakharia 10 : 1 – 12 | Pamuji: KPJ. 118 : 1, 2
Nats: “Padha nyuwuna udan marang Pangeran Yehuwah ing mangsa udan kang wekasan! Pangeran Yehuwah kang karya mendhung kang nggawa udan, lan udan deres bakal kaparingake marang wong-wong sarta tetuwuhan ing ara-ara marang saben wong.”(Ayat 1)
– Titip anakku ya, aku arep arisan.
– Siap
– O, ya. Mengko yen rewel tukokna es krim bae, rak meneng.
Asring sanget kula ningali ing ngajeng kula, tiyang sepuh ingkang kados dialog ing nginggil. Namung amargi supados boten kaganggu dening rewelipun lare, lajeng pun sukani permen utawi es krim. Pancen lare punika enggal kendel. Nanging menawi bab punika dados pakulinan, eman sanget. Awit dadosa lare mekaten ugi tiyang sepuhipun kecalan kesempatan sinau bab wigatos. Conto: Menawi boten dipun tumbasaken es krim mesthi badhe wonten dialog. Paling boten kita kepingin mangertos jalaran rewelipun lare punika. Ing ngriki ketingalipun sepele nanging wigatos sanget. Awit sepisan tiyang sepuh mesthi nyawisaken wekdal lan manahipun kangge mirengaken cariyos saking lare kenging punapa rewel. Kaping kalih, lare punika sinau ngedalaken isining manah lan otomatis emosinipun tersalur. Iba emanipun menawi saben dinten sinau bab punika kalirwakaken!
Lumantar Zakharia, Gusti Allah maringi pangilon kangge umatipun. Rumiyin nenek moyangipun Israel asring nyidhat (mengambil jalan pintas) nalika ngadhepi momotan gesang. Kangelan sekedhik lajeng nyuwun tulung dhateng dewa/ sesembahan ingkang sanes Yehuwah. Cara gesang mekaten nuwuhaken bebendu saking Gusti.
Samangke umatipun Gusti kaengetaken supados tansah ngarahaken pikiran lan manahipun dhateng Gusti Allah tuking pitulungan lan berkah. Kados nats kita, “Padha nyuwuna udan marang Pangeran Yehuwah ing mangsa udan kang wekasane! Pangeran Yehuwah kang karya mendhung kang nggawa udan, lan udan deres bakal kaparingake marang wong-wong sarta tetuwuhan ing ara-ara marang saben wong.” (ayat 1). Mila mangga kita sinau nengenaken sesambetan kita kaliyan Gusti langkung saking sesambetan kita kaliyan sanesipun. (smdjn).
“Dipikir sik ben ora gela.”