Waosan : Filipi 1 : 15 – 21 | Pujian : KPJ. 442: 1
Nats: “Awit mungguh ing aku urip iku Sang Kristus, dene mati iku kabegjan.” (Ay. 21)
Ing Indonesia, kalangan minoritas kadosipun ajrih menawi terang – terangan ngaken ing sangajengipun tiyang sanes bilih piyambakipun tiyang Kristen. Bab punika saged dipun pirsani saking kathah perangan. Contonipun: wonten tiyang Kristen ingkang asring sanget mungel “Alhamdulilah, utawi Asalamualaikum, yaawohhh…”. Punapa boten angsal? Pancen boten wonten larangan. Ananging pitaken wangsulanipun, “Lah nyapo kok ora muni “puji Gusti, haleluya, utawi syalom, utawi dhuh Gusti Yesus” nalika sambat?
Punapa ingkang dipun alami dening rasul Paulus punika saestu mrihatosaken. Nalika panjenenganipun nampi timbalan dados rasul, ing sadangunipun Rasul Paulus martosaken Injil saestu kathah ingkang mengsahi. Boten namung saking njawinipun patunggilan tiyang Kristen kemawon, ananging ugi saking salebeting patunggilan. Emanipun malih anggenipun mengsahi Paulus lan ngrancang kaapesan dhateng Paulus kacarios ing waosan inggih migunaaken dhawuh – dhawuh saking sabda pangandika ingkang sumberipun saking serataning kitab suci. (Ay. 17). Ningali kawontenan mekaten punapa Paulus lajeng Mundur? Boten! Rasul Paulus saestu saged mangertosi kauntungan ingkang ngedap – edapi ageng saking putuwas anggenipun mbelani Injil. Piyambakipun mangertos bilih sesanggi ingkang dipun tanggel, awratipun boten nglangkungi sesanggi ingkang dipun tanggel dening Sang Kristus. Sumbaripun mekaten, “Mungguh ing aku, urip iku Sang Kristus, dene mati iku kabegjan. (Ay. 21).
Dados seksinipun Gusti pancen saestu boten gampil. Ing ngriki Paulus nedahaken dhumateng kita sedaya bilih sedaya palang pambengan lan kaprihatosan ingkang dipun sebabaken saking seriking ndonya dhateng Sang Kristus boten timbang kaliyan berkah kawilujangan gesang langgeng ingkang dipun prasetyaaken dening Gusti dhumateng sedaya umatiPun. Ing ngriki Paulus ugi ngatag supados sedaya kita boten ajrih ngadhepi sedaya tantangan ing salebeting martosaken Injil suci kanthi temen, lan kanthi tujuan kasaenan. Sumangga kakendelanipun Paulus punika kita conto, sumangga kita sami wantun kanthi mantep ngabaraken Injil lumantar tutur tembung lan tumindak, supados kabar kawilujengan swarga saged kapireng dening sedaya tiyang. Puji syukur menawi ingkang mireng inggih purun nampi kawilujengan punika. (Ndrung)
“Aja wedi dadi saksine Gusti, awit Gusti nunggil kita”