Waosan: Dhaniel 5 : 13 – 30 | Pujian: KPJ. 109
Nats: “Para wong wicaksana, para juru gendam wus padha kasowanake marang ing ngarsaningsun, supaya padha macaa tulisan iki lan ngunjukake maknane tembung iku.” (Ayat 15)
Saben tiyang ingkang sinau, sae punika sacara formal (bangku sekolah) utawi sacara non formal (ndherek kursus, pelatihan) tamtunipun nggadhah tujuan, inggih punika supados piyambakipun saged nambah ilmu lan wawasan. Pengajeng-ajengipun srana ilmunipun punika, saged dipun damel bekal nalika nyambut damel utawi makarya. Sanyatanipun ing papan panyambut damel punika mboten cekap namung ngandelaken kapinteran utawi ijasah kemawon. Katah-katahipun ing papan panyambut damel punika mbetahaken tiyang ingkang kagungan pengalaman kerja, ketrampilan, saha prigel anggenipun mbangun sesambetan kaliyan liyan.
Waosan kita dinten punika nyariosaken Prabu Belsyazar ingkang dipun engetaken Gusti Allah lumantar pratandha tulisan ing laburipun tembok ingkang uninipun,”Mene, mene, tekel ufarsin” (Ay. 25). Prabu Belsyazar mboten mangertos tegesipun tulisan punika, lajeng piyambakipun mrintah para tiyang wicaksana, para juru gendam, para ahli nujum kangge nerangaken tegesipun tulisan punika. Emanipun mboten wonten satunggal tiyang ingkang saged nerangaken tegesipun tulisan punika (Ay. 8). Selajengipun Dhaniel dipun timbali marek ing ngajenipun Sang Prabu. Kanthi Roh Kawicaksanan saking Gusti Allah, Dhaniel saged nerangaken tegesipun tulisan punika. Mene: wekdal paprentahanipun prabu Belsyazar sampun kaetang dening Gusti Allah saha sampun dipun pungkasi. Tekel: kahananipun prabu Belsyazar dipun timbang mawi traju lan pinanggihipun kenthengen. Peres: karajan prabu Belsyazar kapecah tuwin kaparingaken dhateng bangsa Medhia saha Persia. (Ay. 26-28).
Dhaniel dipun agem Gusti Allah kangge ngengetaken Prabu Belsyazar ingkang lepat, awit migunakaken piranti-piranti emas lan salaka saking Padaleman Suci kangge pesta kaliyan para pangagengipun karajan. Ing ngriki Dhaniel srana wicaksana ngengetaken prabu Belsyazar. Mekaten ugi Gusti Allah sampun maringi kita kawicaksanan dhateng kita. Srana kawicaksanan punika kita saged bentenaken pundi ingkang sae lan pundi ingkang awon. Kita saged ngengetaken tiyang ingkang lepat, tanpa ndadosaken manahipun tiyang punika semplah. Mila mangga kita ingkang sampun kaparingan Roh Kawicaksanan punika, kita gunakaken kangge nulungi lan mbantu sesami kita. Gusti paring kasagedan dhateng kita. Amin. [AR].
“Roh Kawicaksanan punika nuntun lampah kita tumuju gesang ingkang bener.”