Waosan : Yusak 1 : 1 – 11 | Pamuji : KPJ. 175
Nats: “Ingsun rak wus dhawuh marang sira: disantosa lan diteguh? Aja giris lan semplah, amarga Pangeran Yehuwah, Allahira nunggil karo sira ing saparan-paranira.” (Ay. 9)
Anggen kita wastani ing salebeting dauran pinisepuh pasamuan (penatua lan diaken), katah warga ingkang selak lan boten nampi pakaryan punika. Alasanipun werna-werni, wonten ingkang karana taksih timur, taksih ribet wonten ing pandamelan, rumaos boten pantes dados pinisepuh, dereng wonten pengalaman, kuatos boten saged nglajengaken peladosan kanthi sampurna lan salajengipun. Bilih kita raosaken punapa ingkang kaaturaken, nengeraken timbalan Gusti Allah kala wau namung kaukur saking kekiyatan manungsa boten karana panguasanipun Pangeran. Pangerten ingkang mekaten punapa leres?
Lumantar kitab Yusak 1:1-11 punika negesakan panguwasanipun Gusti Allah tansah tumrah wonten abdinipun ingkang kautus. Sanadyan senapati Yusak dereng siap sacara manungsa, piyambakipun nampi dawuhipun sang Rama nglajengaken punapa ingkang sampun kawiwitan dening Nabi Musa. Gusti Allah ngiataken manah senapati Yusak lan paring dawuh, “disantosa lan diteguh? Aja giris lan semplah, amarga Pangeran Yehuwah, Allahira nunggil karo sira ing saparan-paranira.” (ay 9). Cetha sanget punapa ingkang kadawuhaken marang abdinipun Gusti punika. Panjenenganipun ingkang nimbali lan Panjenenganipun ugi ingkang maringi kasagedan supados punapa ingkang katitahaken saged kalampahan. Amargi dhateng pundi mawon abdi punika kautus, Gusti Allah tansah nyarengi ugi maringi kawilujengan.
Saking mriki kita saged mangertosi bab timbalanipun Gusti. Panjenenganipun boten namung nimbali ananging ugi maringi kasagedan dhateng kita sadaya nglampahi punapa ingkang kadawuhaken. Sanadyan timbalan punika katingal awrat ananging billih Gusti Allah ngersaaken boten wonten satunggal prekawis saged luput saking Panjenenganipun. Pramila ing wekdal punika, kita tansah pitados ing panguasanipun Gusti Allah. Panjenenganipun boten negakaaken abdinipun ingkang kautus, lumampah piyambak. Gusti Allah tansah nyarengi lan maringi kasagedan, maringi kekiyatan, maringi daya supados tansah teguh lan boten semplah, amargi Gusti Allah tansah nunggil ing peladosan kita. Amin (Ven)
“Gusti maringi kekiyatan nglangkungi sadaya prekawis.”