Waspada Renungan Harian 29 November 2020

29 November 2020

Waosan : Markus 13 : 24 – 37 | Pamuji : KPJ. 242
Nats: “Nanging mungguh dinane lan wayahe ora ana wong kang sumurup, para malaekat ing swarga ora ngreti, sarta Sang Putra iya ora, kajaba mung Sang Rama.” (Ay. 32)

Suguh, lungguh lan gupuh, punika tembung ingkang asring dipun ucapaken anggen kita badhe nampi tamu. Punapa malih nampi tamu pakurmatan kados dene pejabat daerah utawi lintunipun. Tansaya dhuwur jabatan tamu ingkang kita rantos, tansaya katah ingkang kedah dipun rembag. Karibetan punika kita lampahi supados saged nyawisaken suguhan lan panggenan ingkang pantes, matemah tamu pakurmatan punika ngraosaken bingah lan boten kuciwa.

Ing wekdal punika sejatosipun kita kaemutaken bilih wonten satunggal pribadi ingkang kita rantos rawuhipun, nggih punika rawuhipun Gusti Yesus Kristus ingkang kaping kalih. Panjenenganipun rawuh badhe ngadili manungsa lan boten wonten manungsa ingkang saged luput saking Panguasanipun. Lumantar Injil Markus 13:24-37, cetha sanget wanci Gusti Yesus rawuh boten wonten ingkang mangertosi, punapa malih manungsa, para malaikat ugi Sang Putra ingkang mulya boten mangertos kejawi namung Sang Rama (ay. 9). Lajeng kados pundi kita saged mapak Panjenenganipun rawuh, punapa kita sagah nampi rawuhipun?

Ing kasunyatan, manungsa boten mangertosi kapan rawuhipun, ananging Gusti Allah paring pangerten. Becik bilih manungsa sami ngati-ati lan tansah waspada margi sak wanci-wanci Panjenenganipun rawuh. Kapan dintenipun boten wonten ingkang mangertosi ananging estu Panjenenganipun badhe rawuh ngadili lan paring pitulungan tiyang ing alam ndonya punika.

Ing wekdal punika khususipun salebeting Minggu Adven punika, sumangga kanthi tumemen nyawisaken gesang kagem Gusti Yesus. Tamtu Gusti Yesus rumaos bingah bilih para putra ingkang dipun tresnani sami waspada, ngati-ati lan boten tumindak ingkang sembrono. Payo kita sami njagi pitutur kita, njagi pamikiran kita lan njagi laku kita ing sajroning gesang punika. Matemah ing wanci rawuhipun Gusti Yesus, kita sadaya sampun cawis lan sampun sedya kanthi prayogi. Sugeng lumebet ing wancinipun masa Adven. Gusti Yesus tansah mberkahi kita. Amin (Ven)

 “Sak beja-bejane wong kang sembrana luwih bejo wong sing waspada”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak