Kapulihake dening Allah Supaya Dadi Berkah Pancaran Air Hidup 29 Mei 2023

29 May 2023

Waosan: Yoel 2 : 18 – 29 ǀ Pamuji: KPJ 170 : 1, 2
Nats:Sawuse mangkono bakal kalakon, Ingsun bakal ngesokake RohingSun marang manungsa kabeh, …” (Ayat 28a)

Kapulihaken saking gesang ingkang sangsara punika tamtu dados pangajeng-ajeng sadaya tiyang. Kasangsaran punika saged kita alami karana maneka warni sebab, umpaminipun karana kita males, kita kirang ngati-ati, kita tumindak bodo, lan ugi karana kita kirang setya dhumateng Gusti. Kasangsaran punika saged ndadosaken kita sisah, pait, ngraosaken isin, lsp. Pramila, ing satengahing gesang ingkang kados mekaten wau, kita mbetahaken Gusti Allah supados kawontenan kita kapulihaken.

Kawontenan gesang ingkang sangsara punika nate dipun alami dening bangsa Yehuda, karana tumindak dosa ingkang sampun dipun lampahi, inggih punika nyembah dhateng brahala sarta mboten nresnani sesami. Pramila nalika bangsa Yehuda ngalami pailan lan katindes dening mengsahipun, Gusti Allah mendel kemawon. Senajan bangsa Yehuda sampun duraka, mboten salaminipun Gusti Allah mendel, Panjenenganipun badhe paring pitulungan lan badhe mulihaken kawontenanipun bangsa Yehuda bilih bangsa punika purun mratobat. Pawartos punika dipun aturaken dening nabi Yoel ing waosan kita. Kawontenan Yehuda ingkang kapulihaken punika mboten namung saged dipun tingali saking siti ingkang subur, negari ingkang aman, nanging ugi Gusti Allah badhe ngesokaken Roh-ipun dhateng sadaya manungsa. Roh Allah punika ingkang badhe ngiyataken lan paring kasagedan dhateng manungsa supados saged mangertosi rancangan lan karsanipun Gusti Allah. Kanthi mekaten bangsa Yehuda saged gesang ing salebeting pamratobat, nresnani sesami, sarta nindakaken kayekten, kaadilan, lan ndherek ngupaya mujudaken pamulihan gesang.

Gusti Allah ugi kersa mulihaken gesang kita. Panjenenganipun sampun ngesokaken Roh Suci dhateng kita, supados kita kakiyataken lan kasagedaken mangertosi karsa-Nipun kangge gesang kita. Pramila sumangga kita masrahaken gesang kita dhumateng Gusti supados kita kaenggalaken, kapulihaken saking cara gesang kita ingkang awon lan mblasar. Kita kapulihaken dening Sang Roh Suci supados kita saged dados berkah lan dados paseksi ing pigesangan kita. Sumangga kita mujudaken katentreman punika, kawiwitan saking brayat kita piyambak. Kita sami mbikak manah kita, nampi Roh Allah, ngenggalaken manah kita, matemah gesang kita saged dados berkah. Amin. [nn].

“Kita kapulihaken dening Allah supados kita saged mulihaken lingkungan kita”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak