Waosan : Pangentasan 20 : 1 – 21 I Pamuji : KPJ. 150
Nats: “Ingsun iki Yehuwah Gusti Allahira, kang wus ngentasake sira saka tanah Mesir, ing tanah pangawulan” (Ay. 2)
Wonten ing margi ageng, dipunpasangi rambu-rambu kangge ngatur lalu lintas. Wonten rambu pepenget ingkang ngemutaken supados ngati-ati nalika ngemudeni kendaraan, rambu punika nggadhahi werna dasar kuning kanthi list cemeng. Wonten rambu pituduh ingkang maringi katrangan bab margi, lsp. Rambu punika nggadhahi werna dasar ijo kanthi tulisan pethak. Wonten rambu pamenging ingkang isinipun larangan-larangan, rambu punika nggadhahi werna dasar pethak kanthi list abrit lan tulisan pethak utawi cemeng. Wonten rambu prentah ingkang nggadhahi werna dasar biru utawi abrit kanthi tulisan pethak. Sanadjan warni-warni, ananging rambu lalu lintas punika nggadhahi tujuan supados tiyang ingkang ngemudeni kendaraan wonten ing margi aman, nyaman lan slamet. Menawi rambu punika dipunlanggar saged ndadosaken cilaka. Cilaka tumraping tiyang ingkang ngemudi lan ugi saged nyilakani tiyang sanes.
Sasampunipun medal saking tanah Mesir, bangsa Israel dereng nggadhahi aturan punapa kemawon ingkang saged dicakaken wonten ing satengah bangsanipun. Matemah bangsa Israel asring gesang sapikajengipun piyambak. Mboten nurut Gusti, mboten nurut nabi Musa. Kanthi mekaten bangsa Israel kedah dipunparingi rambu-rambu supados saged gesang kanthi sae lan tumata. Matemah Gusti maringi Sedasa Pepaken supados saged dados lanjaran wonten ing gesangipun bangsa Israel. Sedasa Pepaken punika ngatur bab pangabekti dhateng Gusti lan bab etika sesrawungan kaliyan sederek sanesipun. Sedasa Pepaken punika saestu kedah dipunlampahi kanthi saestu supados gesangipun bangsa Israel saged tumata kanthi sae. Menawi dipunlanggar tamtu saged nyilakani gesangipun. Saged ndadosaken kuciwaning Gusti Allah lan ugi sederek sanesipun.
Gesang kita para tiyang pitados ugi nggadhahi rambu-rambu ingkang kedah dipunlampahi kanthi saestu lan setya tuhu wonten ing gesang padintenan. Nggih punika Dhawuh Pangandikanipun Gusti ingkang kaserat wonten ing Alkitab. Karana wonten ngriku sampun dipunwucal lan ugi dipuntata bab gesang karohanen lan ugi gesang sesrawungan kaliyan sedaya titahipun Gusti. Menawi saged dilampahi kanthi saestu tamtu gesang kita saged sae. Karana kita saged njagi tumindak, pangucap kita supados mboten nguciwani Gusti lan sesami. (cha)
“Pangandika Paduka punika dilah wonten ing ngajengipun suku kawula” (Jabur 119:105)