Semut Beriman Renungan Harian 29 Mei 2019

29 May 2019

Waosan : Lukas 2 : 25 – 38 | Pamuji : KPJ 460
Nats : “sabab mripat kawula sampun nyumurupi karahayon peparing Paduka” [ayat 30]

Ing sawijing dinten, injing-injing sampun wonten gègèran, antawis satunggal ibu lan sémahipun. Mekaten pirembaganipun:
Ibu : “Lha iya, ta… semut-semut iki lho, kok senengmen manggon nèng kéné. Bendina disaponi, ya tak obong, é…. kok ya pancet waé manggon kéné”.
Bapak : ”Kuwi ngono semut beriman, buné”.
Ibu : (celathu radi sengol) “Pakné.. pakné.. semut kok beriman…!!”.
Bapak : “Tak kandhani ya buné, semut-semut kuwi ora gelem ngalih teka kéné amarga precaya kanthi tumemen nèng kéné diberkahi Gusti, dadiné dhèwèké isa urip lan mangan saben dina.”.

Simeon rumaos tentrem manahipun, awit dados seksi bilih Gusti Allah saèstu boten blénjani prasetyaNipun. Saèstu Gusti Allah paring karahayon dhumateng umat kagungaNipun lumantar rawuhipun Gusti Yesus ing jagad. Punika saèstu dipunhayati minangka berkah ingkang adi lan agung tumrap Simeon ingkang nentremaken manah sarta gesangipun.

Kathah prekawis ing gesang punika ingkang nedahaken bilih Gusti Allah tansah karsa paring karahayon tumrap gesang kita. Wiwit tangi injing saking tilem, kita saget ningali srengéngé, kita saget nyedot hawa kanggé ambegan, kita saget ngraosaken segeripun angin, lsp. Siang ngantos dalu kita saget nindakaken sedaya aktifitas, tamtu ugi kekiyatan saking Gusti. Badhé ngaso, tilem, kita manggihi brayat kita ugi saget sami tilem kanthi tentrem. Wah…. saèstu, boten wonten malih ingkang saget kita tindakaken kejawi saos sokur kanthi saèstu dhumateng Gusti. Awit, tan saget dipunsélaki kanyatanipun Gusti tansah paring berkah saha karahayon saben dinten ing sauruting gesang kita. Mila sampun samesthinipun, senaosa dipun “saponi”, senaosa dipun “obong”, ing gesang punika kita tansah saos sokur dhumateng Gusti. [wn

“Ngantia sira tuwa Ingsung iki tetep Panjenengané lan nganti rambutira putih anggoningSun nggéndhong sira kabèh” (Yesaya 46 : 4)

Renungan Harian

Renungan Harian Anak