Ngakoni Panerak Pancaran Air Hidup 29 Maret 2025

29 March 2025

Waosan: Jabur 32 : 1 – 11  |  Pamuji: KPJ. 46
Nats: “Dosa kawula, kawula lairaken dhumateng Paduka, kalepatan kawula mboten kawula aling-alingi; tembung kawula: “Dakngakoni panerakku ana ing ngarsane Sang Yehuwah,” Paduka nunten ngapunten kalepatan kawula margi saking dosa kawula.” (Ayat 5)

Wonten satunggaling warga nggadhah segawon alit. Segawon punika lucu sanget pramila kathah ingkang remen. Ananging menawi wekdalipun dipun dusi, segawon punika nganyelaken. Sasampunipun dipun dusi, segawon punika mesthi mlajeng lan gulung-gulung ing lemah, punika murugaken badanipun reget malih. Supados mboten mekaten, sauger mantun dipun dusi, segawon punika dipun krangkeng lan kapepe. Pranyata cara punika jitu sanget. Sasampunipun sawatawis wekdal kalampahan, segawon punika mboten gulung-gulung malih sinaosa mboten dipun krangkeng. Rupinipun segawon punika mangertos bilih gulung-gulung sasampunipun dipun dusi punika mboten dados renanipun juraganipun lan ngrugekaken dhirinipun piyambak.

Kita punika tiyang ingkang mboten sampurna, kathah kekirangan lan dosa. Manawi kita purun ngakeni sadaya dosa kita ing ngarsanipun Gusti, Gusti tamtu paring pangapunten dhateng kita. Ing ayat nats kita kasebataken, “Paduka nunten ngapunten kalepatan kawula.” Nanging ngakeni dosa punika mboten gampil, juru Mazmur piyambak paring paseksi ngakeni dosa ing ngarsanipun Gusti punika kedah nglangkungi proses ingkang panjang. Pramila kita kedah purun mendel, ngrenungaken lan nyadari dosa kalepatan kita punika. Sasampunipun kita sadar, kita wantun nglairaken pangaken dosa kita dhumateng Gusti kanthi jujur lan tulusing manah. Awit manawi kita mboten purun mratobat, punika mboten dados renanipun Gusti lan ngrugekaken dhiri kita piyambak.

Gusti karsa dados pasingidan kita, sadaya bebaya tuwin bilai ingkang ageng mboten badhe nempuh kita, karibedan badhe katebihaken saking gesang kita. Gusti badhe njagi lan paring panganthi dhateng kita (Ay. 7). Berkah ingkang langkung ageng malih, inggih punika gesanging tiyang musid tansah wonten ing kabingahan lan tentrem rahayu (Ay. 11). Pramila sumangga kita ngakeni sadaya dosa kalepatan kita kanthi tulusing manah dhumateng Gusti. Mekaten ugi kita tansah gesang ing pangrehipun Gusti Allah, supados kita manggihaken tentrem rahayu ing Gusti Yesus Kristus. Amin. [SW].

“Manawa kita padha ngakoni dosa kita, Panjenengane iku setya tuhu lan adil, temah bakal ngapura sakehing dosa kita, sarta ngresiki sakehing piala kita.” (1 Yok. 1:9)

Renungan Harian

Renungan Harian Anak