Umat ingkang Aji Pancaran Air Hidup 29 Maret 2023

29 March 2023

Waosan: Yeremia 32 : 1 – 9, 36 – 41 | Pamuji: KPJ. 92
Nats:Karo maneh Ingsun bakal maringi padha tunggal budi lan tunggal tindak-tanduk, temah padha sumuyud marang Ingsun ing sauruting jaman murih becike saturun-turune besuk.” (Ayat 3).

Punapa panjenengan kagungan barang ingkang aji? Punapa kemawon punika? Griya, tanah, mobil, emas, HP, tas, sepatu? Tamtu saben tiyang kagungan barang ingkang aji. Saking ajinipun, tiyang punika badhe ngrimati dan njagi barangipun punika supados boten risak, saged awet, lan saged dipun ginaaken miturut fungsinipun. Manawi barang punika risak utawi ical tamtunipun manah kita badhe sedhih lan gela, awit barang ingkang risak utawi ical punika, aji sanget kangge kita.

Bangsa Israel punika bangsa pilihan, bangsa ingkang aji wonten ngarsanipun Gusti Allah. Nanging tumindak gesangipun bangsa Israel asring damel duka lan kuciwaning manahipun Gusti Allah. Karana punika Gusti Allah ngutus Nabi Yeremia kangge martosaken bab paukumanipun Gusti Allah kangge bangsa Israel. Bangsa Israel kabucal ing tanah Babel. Paukumanipun Gusti Allah punika kedahipun saged dipun tingali mawi cara pandeng Gusti Allah, bilih Panjenenganipun ngukum bangsa Israel punika awit saking tresna-Nipun. Gusti Allah boten badhe negakaken umatipun nandhang sangsara, karana punika bangsa Israel ingkang dipun bucal dhateng tanah Babel, kedah dipun mangertosi minangka cara kangge murniaken kapitadosan lan imanipun bangsa Isarel. Supados bangsa Israel tansah pitados lan setya ngabekti namung dhateng Gusti Allah kemawon. Pramila ing waosan kita (Ay. 36 – 41) wonten prajanjinipun Gusti Allah, sak sampunipun nampi paukuman, Gusti Allah kersa mulihaken lan nresnani malih umatipun.

Kita punika ugi dipun wastani umat-Ipun Allah, karana kita pitados dhumateng Gusti Yesus. Kita ugi dipun wastani umat-Ipun Allah ingkang aji, awit Gusti Allah tansah nganthi lan ngrimati gesang kita. Punapa ingkang dados pandonga lan panyuwun kita, Gusti Allah kersa nyembadani miturut rancanganipun. Awit saking punika, bilih kita punika umatipun Allah ingkang aji, mangga kita nindakaken gesang kita miturut pangandikanipun Allah. Sampun ngantos gesang kita nebih saking Gusti kados bangsa Israel, nanging sumangga kita sansaya manut lan ngluhuraken asmanipun Gusti Allah. Sarana punika predikat minangka umatipun Allah ingkang aji saestu nyata kaliyan gesang kita. Amin. [AR].

“Dados umat-ipun Allah ingkang aji punika, wujud sih rahmatipun Allah dhateng kita.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak