Pracaya Lumantar Tumindak Katresnan Pancaran Air Hidup 29 Juni 2023

Waosan: Galati 5 : 2 – 6 ǀ Pamuji: KPJ.­­­­­­­­­­­ 133
Nats: “Sabab tumraping wong-wong kang ana ing Sang Kristus Yesus, bab tetak utawa ora tetak iku ora ana paedahe, ya mung pracaya kang tumindak ing gawe kalawan katresnan”. (Ayat 6)

Ing wiwitan, tembung tetak punika dipun sebataken ing kitab Purwaning Dumadi 17. Nalika Gusti Allah ngawontenaken prajanjian kaliyan rama Abraham. Ing ngriku dipun tetepaken “tanda utawi cap (meterai)”, ingkang dados peningset tumrap prajanjian punika, inggih punika tetak. Kangge nedahaken bilih Abraham lan tedhak turunipun ingkang jaler punika setya dhumateng Allah, sadaya kedah dipun tetak. Mekaten ugi tumrap tiyang jaler non Yahudi, ingkang kepingin dados perangan saking bangsa Yahudi, kedah dipun tetak. Ing kitab Prajanjian Lami, tetak punika dipun mangertosi minangka tanda bilih manungsa punika sampun kauwalaken saking piawon lan kanajisan.

Praktik tetak punika rupinipun ndadosaken dredah ing satengahe pigesanganipun warga pasamuwan ing Galati. Awit ing ngriku wonten tiyang Kristen Yahudi ingkang taksih ngugemi gesang manut kaliyan tata cara Torah. Tiyang-tiyang punika nggadahi pemanggih bilih sadaya pandherekipun Sang Kristus punika kedah manut Torah lan nindakaken sadaya praktik ritualipun, kalebet tetak. Gusti Yesus ugi dipun tetak nalika yuswa 8 dinten. Dhumateng tiyang-tiyang ingkang kados mekaten, rasul Paulus lajeng ngengetaken kanthi teges, tetak punika mboten saged njangkepi punapa ingkang sampun dipun tindakaken dening Gusti Yesus, awit kawilujengan saking Gusti Yesus punika sampun sampurna. Ingkang kedah dipun tindakaken dening umat kagunganipun Gusti samangke inggih punika pitados dhumateng Gusti Yesus ingkang dipun tindakaken sarana katresnan.

Kangge kita samangke, Torah punika sampun mboten dados momotan malih, awit kita sampun kawilujengaken dening Gusti Yesus. Pramila kita saged bingah lan tansah saos sokur dhumateng Gusti Yesus ingkang sampun paring kanugrahan ageng, inggih punika kawilujengan. Sumangga kita sami gesang kanthi pracaya, ingkang kita wujudaken sarana tumindak ingkang kalambaran katresnan dhumateng Gusti Yesus. Umpaminipun: sregep ngabekti, dedana, peduli dhateng sesami, lan sanesipun. Mangga kita nindakaken kasaenan punika kalayan tulus ikhlas, mboten ngajeng-ajeng imbalan, kalebet ugi imbalan kawilujengan. Awit kita sampun dipun wilujengaken langkung rumiyin kaliyan Gusti Yesus. Amin. [nn].

“Pracaya kuwi nyata nalika kawujud ing tumindak ingkang dipun kantheni katresnan marang Gusti”

 

Bagikan Entri Ini: