Waosan: Purwaning Dumadi 18 : 1 – 15 | Pamuji: KPJ. 146
Nats: “Tumraping Yehuwah apa ana kang mokal? Ing wektu kang wus katetepake iku, yaiku setaun engkas Ingsung bakal ngrawuhi sira maneh, nuli Sara bakal duwe anak lanang.” (Ayat 14)
Wonten ing salebeting gesang kita padintenan, kita temtu asring sanget ngadepi maneka warni karibedan gesang. Wiwit prekawis ekonomi, hubungan kaliyan semah kita, ndidik anak, lsp. Punapa malih bilih karibedan gesang punika saestu awrat sanget. Matemah saged dadosaken kita semplah, sedih, kuwatos, lan bingung, kedhah nglampahi cara ingkang kados pundi malih, supados saged uwal saking prekawis kalawau. Ing kahanan ingkang kados mekaten, mboten jarang kita punika sambat dhumateng Gusti, ”Dhuh Gusti, Paduka wonten pundi, kok mboten enggal-enggal paring pitulungan dhateng kula? Punapa Paduka sampun mboten peduli malih kaliyan kula?” Lajeng sekedhik mbaka sekedhik, kapitadhosan kita dhumateng Gusti sansaya luntur, amargi mboten saged mirsani pitulunganipun Gusti tumrap gesang kita. Nanging pitakenanipun kangge kita, ”Punapa nggih leres sikap iman ingkang kados mekaten kalawau?”
Wonten ing waosan kita dinten punika, kita sesarengan sami mirsani anggenipun Gusti Allah paring janji dhumateng Ibu Sara, bilih piyambakipun badhe ngandhut lan nggadhah putra. Wiwitanipun Ibu Sara mboten pitados, amargi Bapa Abraham lan Ibu Sara sampun sepuh lan yuswanipun sampun kathah (Ay. 11). Osik manahipun Ibu Sara, sedayanipun punika sampun kasep. Nanging ing wanci punika, kita saged mirsani bilih wancinipun Gusti punika sanes wancinipun manungsa. Rancanganipun Gusti punika benten kaliyan rancanganipun Gusti. Gusti Allah justru paring mukjijat ingkang endah, ingkang saestu sampun dipun antos-antos ibu Sara kaliyan Bapa Abraham kagungan putra ing yuswa ingkang sampun sepuh sanget. Janjinipun Gusti punika saestu kelampahan, Ibu Sara nglairaken Iskhak.
Saking waosan kita punika, kita saged sinau bilih Gusti Allah punika, sanes Gusti Allah ingkang sare, ingkang nilar kita umat kagunganipun. Gusti Allah ingkang kita sembah punika, Gusti Allah ingkang setya, ingkang paring pitulungan, kebak katresnan lan rancangan-Ipun endah kangge para umat kagungan-Ipun. Gusti Allah punika kagungan kawicaksanan ingkang nglangkungi sedaya pikiran kita manungsa. Mboten wonten ingkang mustahil kagem Gusti. Mangga kita sami sabar kaliyan njagi iman lan kapitadosan kita, bilih ing wanci punika kita saweg ngadepi karibedan gesang ingkang awrat. Kita pitados Gusti nulungi kita. Amin. [YAH].
“Gusti Allah punika makarya nulungi kita miturut wancinipun Gusti.”