Waosan: Yeremia 36 : 27 – 32 | Pamuji: KPJ. 91
Nats: “Ingsun bakal ngukum dheweke, tedhak turune lan para kawulane marga saka kaluputane; Ingsun bakal ndhatengake marang wong-wong iku, marang sakehe wong kang manggon ing Yerusalem tuwin marang wong Yehuda sakehing bilai kang wus Sunagem ngancam wong iku kabeh, nanging pangandikaningSun ora dirungokake.”
(Ayat 31)
Ing salah satunggaling dusun wonten balita ingkang stunting, sasampunipun dipun padosi sebabipun pranyata sadaya punika kadadosan awit balita punika nedhanipun angel lan ibunipun mboten tlaten nyusoni putranipun. Bab punika ndadosaken sadaya repot, tiyang sepuh, simbah, bidan desa, puskesmas sadaya sami repot. Kamangka ingkang dados punjeripun namung setunggal, nggih punika bayi ingkang stunting. Pangan utawi tetedan punika pranyata penting sanget.
Kitab Suci asring dipun sebat sabda pangandikanipun Gusti. Artosipun sabda saking Gusti ingkang dados tetedan kita lan njalari kita kiyat lan sehat. Tamtunipun kita kedah nedha sabda punika sacara jangkep. Ing waosan kita kajlentrehaken punapa ingkang badhe kadadosan manawi kita mboten purun nedha sabda pangandikanipun Gusti. Gusti Allah sampun paring pepenget dhateng Prabu Yoyakim lumantar pamecanipun Nabi Yeremia, supados prabu Yoyakim lan sadaya umat Yehuda mratobat lan wangsul dhumateng Gusti Allah. Nanging Kitab Suci ingkang ngemu sabda pangandikanipun Gusti punika malah dipun besmi. Akibatipun kados ingkang kaserat ing ayat 31, ingkang nampi bebendu mboten namung prabu Yoyakim kemawon ananging sadaya anak turunipun, sadaya ingkang manggen ing Yerusalem ugi bangsa Yahudi.
Pramila saking punika sumangga kita sami ngupados nedha sabda pangandika punika kanthi jangkep, sinaosa punika kadosipun awrat, mboten eco, pait, asem, lan sapanunggalanipun. Artosipun kita mboten namung maos Kitab Suci kemawon ananging kita ugi purun nggegilut, mangertosi, lan ngecakaken sabda pangandikanipun Gusti punika ing pigesangan kita sadinten-dinten. Kanthi mekaten kita saged ngrangkul sesami lan gesang sesarengan kanthi rukun lan manggihaken tentrem rahayu saking Gusti. Gusti mberkahi kita. Amin. [SW].
“Padha tampanana, panganen, iki badan-Ku.” (Mateus 26:26b)