Waosan : Pangandharing Toret 12 : 28 – 32 | Pamuji : KPJ. 200 : 1
Nats: “…. kowe aja nganti kena ing kalajiret lan banjur niru wong-wong iku; kowe aja nakokake bab allahe kalawan pangucamu: Kapriye bangsa iki anggone padha ngabekti marang allahe?…”(Ay. 30)
“Le, lek mangan aja sok nyisa, mundhak mati pitike”. Nalika bocah kita mesthi asring nampi tetembungan ingkang mekaten saking tiyang sepuh. Senadyan ta tetembungan punika boten logis, nalika tedhan punika sisa pitike bakal mati, nanging tetembungan punika ngemu kawruh bab ngajeni tetedhan supados boten nyisa awit bakal muspra. Punika sejatosipun gugon tuhon. Punika saking tembung gugu (tiru) lan tuhu (setya), tegesipun pitutur ingkang wicaksana kangge lare alit supados saged mangun gesang kanthi setya lan manut ing laku tata krama ingkang luhur. Asring pitutur punika awujud pepali saha gegayutan kaliyan mitos, senadyan ngangge gegambaran ingkang boten logis nanging nggadhahi ateges pitutur kangge laku tata kramanipun tiyang Jawi.
“Aja kok takokake bab allahe lan cara ngabektine, mengko disengiti dening Gusti” bok bilih mekaten ringkesipun pitutur ingkang dipun serat Musa ing Pangandharing Toret 12:28-32. Lumantar Nabi Musa, Gusti Allah paring dhawuh dhateng bangsa Israel supados ngati-ati saking raos panasaran bab sesembahan lan cara ngabekti ingkang dipun tindakaken dening bangsa Kanaan. Awit bangsa Kanaan punika ngginakaken adi cara ingkang dipun sengiti dening Gusti. Inggih punika ngobong manungsa minangka kurban kangge allahipun. Perkawis punika nerak tradisinipun bangsa Israel ingkang sifatipun pepali, kangge mengeti para leluhuripun Israel boten wonten tradisi ingkang misungsungaken kurban arupi manungsa, kajawi menda. Pramila pitutur Nabi Musa punika kedah dipun tindakaken bangsa Israel supados boten nuwuhaken dukanipun Gusti Allah tumrap bangsa Israel.
Tetembungan ingkang asipat pitutur pancen boten saged dipun tampi namung saderma tembung harafiah. Awit pitutur mesthi nggadahi ateges saking asal usul lan kawruh. Senadyan ta sifatipun pepali kados dene Gugon Tuhon ananging pitutur punika nggulowentah kita sami ngati-ati anggen mangun gesang, mliginipun bab iman. Sumangga kita tansah mangun pigesangan kanthi setya lan tumemen miturut sabdanipun Gusti Allah (ay. 32), supados kita saged mangun gesang kanthi laku tata krama ingkang luhur, tinebihaken saking bilai lan cilaka. (mojo)
“Aja sok sangga uwang, mundhak nyangga susahe wong patang puluh”