Pengajeng-ajeng Pancaran Air Hidup 29 Desember 2022

29 December 2022

Waosan: Yeremia 31 : 15 – 22 ǀ Pamuji: KPJ. 83
Nats:Isih ana pengarep-arep tumrap ing besuk kanggo sira, …” (Ayat 17)

Gusti, kula nyuwun saras : sarasing sukma – resiking maras
Gusti, kula nyuwun tamba : tambaning jiwa – segering raga
Gusti, kula nyuwun seneng : senenging manah – tulaking sereng
Gusti, kula nyuwun sabar : sabaring budi – nalar jembar

Ing ngingil punika lirik utawi syair tembang Panyuwunan ingkang kaserat dening Rama I Kuntara Wiryamartana, SJ. Bilih dipun raosaken kanthi temen, tembang punika saestu nresep wonten ing salebeting manah kita. Kenging punapa? Karana estunipun sadaya manungsa ugi nggadahi panyuwunan lan pangarep-arep wonten ngarsanipun Gusti Allah kados dene ingkang kaserat lantaran tembang punika.

Lantaran nabi Yeremia, Sang Yehuwah maringi pangajeng-ajeng dhumateng bangsa Yehuda ingkang nalika semanten wonten ing pangawulan Babel. Ing ngriki bangsa Yehuda ngraosaken semplah ing manah saha nglokro krana kasunyataning gesang ingkang dipun lampahi punika mboten wonten samukawis ingkang saged dipun ajeng-ajeng malih. Bangsa Yehuda namung saged nangis, nggetuni, lan mbokbilih mangu-mangu dhateng panguwaosipun Sang Yehuwah. Ing salebeting kawontenaning gesang kados mekaten, nabi Yeremia ngemutaken supados bangsa Yehuda punika saged ta ngampet anggenipun nangis lan pitados bilih rekasanipun wonten pangawulan wonten ganjaranipun. Anak-anak utawi generasi selajengipun badhe wangsul wonten negarinipun piyambak awit tansah wonten pangajeng-ajeng kangge tiyang pitados. (Ay. 15-17).

Minangka umatipun Gusti Allah, tamtunipun kita sadaya ugi gadhah maneka warni pangajeng-ajeng. Ingkang saweg nandhang sakit tamtu pangajeng-ajengipun sageda nampi bagas kasarasan lan kawilujengan. Ingkang nandhang sisah sageda pikantuk panglipur. Ingkang taksih sekolah pangajeng-ajengipun sageda lulus kanthi lancar. Tamtu taksih kathah malih pangajeng-ajeng kita ing salebeting gesang punika. Pramila, sumangga kita saestu tansah pitados panguwaosipun Gusti Allah, sampun ngantos semplah kangge mujudaken pangajeng-ajeng gesang kita. Amin. [Sugimbul].

Padha bungaha sajroning pengarep-arep, disabar sajroning karupekan,dimantep anggonmu ndedonga.
(Rum. 12:12)

Renungan Harian

Renungan Harian Anak