Dados Sedherekipun Gusti Yesus Renungan Harian 29 Desember 2020

29 December 2020

Waosan : Mateus 12 : 46 – 50 | Pamuji : KPJ. 357
Nats: “Sabab sing sapa nglakoni karsane RamaKu kang ana ing swarga, yaiku sadulurku lanang utawa wadon lan Ibuku” (Ay. 50)

Menawi anggen kita maos judhul renungan punika wonten pitakenan ingkang mekaten: “Apa ya isa aku iki dadi sedhereke Gusti Yesus, wong ya Gusti lahir sampun 2.000 tahun kapungkur lan aku ora ana ing silsilahe Gusti Yesus?” Bilih katingal sacara jasmani, kita punika tebih sanget dados sedherekipun Gusti Yesus, ananging sacara karohanen cedak sanget kalian Panjenenganipun.

Lumantar waosan dinten punika kita saged mangertosi tegesipun dados sedherekipun Gusti. Nalika Gusti paring piwucal dhateng para tiyang, para sedherek lan ibunipun Yesus ngupaya nyelak ing Panjenenganipun lan wonten ingkang matur dhateng Gusti Yesus. “Gusti, ibu lan para sedherek Paduka pada ing jaba, ngarah ketemu Panjenengan.” Banjur Gusti Yesus paring wangsulan mekaten: “IbuKu sapa dulurKu Sapa? Banjur mulungake astane marang para sakabate sarta ngandika malih: iki Ibuku lan sadulur-dulurku!” (ay.48). Lumantar wangsulanipun Gusti Yesus boten kamaksud badhe nyelaki tiyang sepuh utawi para sadherekipun, ananging Gusti badhe paring piwulang, sadaya tiyang saged dados sedherekipun Gusti Yesus, sintena kemawon saged celak kaliyan Gusti. Karana kita punika dados sadherekipun Gusti Yesus boten namung kaukur sacara kajasmanen ananging sacara karohanen, nggih bilih kita saged nindhakake karsane Sang Rama ingkang wonten ing Swarga (Ay. 50).

Tantunipun bingah sanget bilih Gusti Yesus ngakeni sadherek ing kita. Punapa malih kaaku sadherek ingkang raket lan cedhak kalian Panjenenganipun. Pramila supados kita saged kaaku sadherek, sumangga sami ngupadi kabecikan kados dene ingkang sampun Gusti Yesus wucalaken dhateng kita. Sumangga kita sami nindakaken sih katresnan marang sesami, paring pangapunten marang tiyang ingkang nyatroni manah kita utawi ingkang mungsuhi kita. Mangga kita sami atur pandonga lan sih rahmat kagem tiyang ingkang boten ngertos kabecikan, lan sak lajengipun. Karana prekawis punika boten namung ndadosaken sadherek kaliyan Gusti Yesus kemawon, ananging ugi sadherek kaliyan sesami gesang kita. (Ven).

 “Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak