Gusti Ingkang Miji, Gusti Ingkang Mitulungi Renungan Harian 29 Desember 2019

29 December 2019

Waosan : Mateus 2 : 13 – 23  |    Pujian : KPJ. 247
Nats
: ”Tangia, Sang Timur lan kang ibu jaken bali menyang tanah Israel, amarga sing padha ngarah sedane Sang Timur wus padha mati.”(ay. 20)

Wonten sawetawis pangarsaning negari ingkang ngreksa negarinipun kanthi tangan besi, daksiya, kejem, tega mentala, mboten ngangge pri kamanungsan. Tokoh-tokoh bertangan besi menika antawisipun, Muammar Khadafi, Saddam Husein, Adolf Hitler lan taksih katah malih. Limrahipun pangarsa ingkang mekaten kalawau gampil nyingkiraken mengsah-mengsahipun kalebet ingkang dipun curigai, dipun cepeng tanpa bukti, dipun kunjara, malah mboten sekedik ingkang dipun pejahi.

Mekaten ugi sang prabu Herod es ngecakaken paprentahanipun tangan besi kanthi daksiya, kejem, brutal. Herodes ingkang anggadahi sifat mekaten kalawau kepanggih para majus ingkang nyuwun pirsa bilih ing tlatah Yudea punika sampun miyos ratu gung binatara. Saknalika Herodes duka yayah sinipi, lajeng nyuwun supados madosi calon ratu kalawau menawi sampun pinanggih sageda pinarak malih wonten kraton awit sang prabu Herodes ugi bade sujud sumuyud. Prabu Herodes tansaya duka nalika para majus kalawau mboten ngestokaken panyuwunipun lan ingkang dados korban lare-lare jaler ing Betlehem yuswa 2 tahun mangandap. Gusti Allah ingkang miji, Gusti Allah ingkang mitulungi Malaikatipun Allah wonten ing impen ngutus Yusuf supados sumingkir dhateng Mesir ngantos sedanipun sang prabu Herodes.

Saking waosan kalawau kita pikantuk piwucal ingkang endah inggih punika :

  1. Allah sampun miji dhateng kita sedaya, mila sumangga kita mitadosaken gesang kita sawetah wonten ngarsanipun Allah. Ing kawontenan kadosa pundi kemawon Allah badhe tansah njangkung gesang kita. Pitulunganipun Allah punika saged lumantar punapa kemawon, tanda-tanda alam, lumantar raos-pangraos ingkang sae, saged lumantar impen lsp.
  2. Gusti Allah sampun maringi berkah dhumateng kita, nafas, rejeki, kesehatan, kawilujengan. Mbok menawi wonten ingkang kaparingan linangkung donya brana, bandha bandhu sentana sampun ngantos kita kumalungkung, kita tetep andhap asor awit kita mangertos barang donya punika fana/sawetawis mboten saged dipun unggulaken awit saged ical kanthi itungan detik. Bandha, bandhu, sentana kita ginakaken kangge alat ngluhuraken asmanipun Allah lan peladosan tumunten gesang kita ayem tentrem. (Jian).

“Pitulunganipun Gusti dateng manungsa pas wekdalipun”

 

Renungan Harian

Renungan Harian Anak