Waosan: Yesaya 5 : 1 – 7 | Pamuji: KPJ. 262
Nats: “Ingsun ngajeng-ajeng supaya metokna woh anggur kang becik, yagene dene mung metokake woh anggur kang kecut?” (Ayat 4)
“Muga-muga sesok wit iki metokne woh sing legi, isa didum marang dulur lan tangga”, mekaten pangajeng-ajengipun sawetawis tiyang ingkang nanem wit kados pelem, duren, lsp. Sanadyan ta mbetahaken wekdal mataun-taun kangge ngasilaken woh, ananging pangajeng-ajengipun punika tansah nyarengi ing prosesipun. Nalika wancinipun woh lan woh punika raosipun legi, tamtu manah tiyang punika estu bingah, awit sadangunipun proses ngrimati taneman punika, piyambakipun saged ngraosaken woh ingkang cundhuk kaliyan pangajeng-ajengipun. Kosokwangsulipun nalika woh punika raosipun kecut utawi mboten ngedalaken woh babar pisan, tamtunipun jalari raos kuciwa. Wit punika bakal dipun tebang sarta dipun gantos winih enggal ingkang langkung sae.
Mekaten ugi ing pigesanganipun para tiyang pitados kagunganipun Gusti. Ing waosan kita, Gusti Allah ngengetaken para umat-Ipun lumantar Nabi Yesaya. Dipun gambaraken mawi pasemon bab Kebon Anggur ingkang dipun rimati kanthi setya kaliyan Gusti Allah. Panjenenganipun ingkang nanemi winih anggur, madegaken pajagan lan damel jogangan kangge meres anggur. Nadyanta ngrimati kanthi gumati, nanging wit anggur punika ngetokaken woh ingkang kecut. Kahanan punika estu nguciwani sanget. Ingkang dipun karsakaken Gusti punika kaadilan lan kabeneran para umat-Ipun, nanging ingkang dipun tindakaken piala lan panerak. Pramila, ing waosan punika, Gusti Allah atur dhawuh dhateng Yesaya bab paukuman kangge bangsa Israel, awit saking tumindak gesangipun ingkang tebih saking karsanipun Allah. Bangsa Israel bakal dipun bucal ing Babel lan nandhang kasangsaran.
Gesangipun tiyang pitados punika kedah ngetokaken woh ingkang karaosaken legi, inggih punika woh kabeneran lan gesang ingkang sembada kaliyan karsanipun Gusti. Sumangga kita niti priksa dhiri kita, punapa gesang kita sampun ngetokaken woh ingkang legi? Mangga kita sregep lelados, purun andum berkah, lan kebak katresnan dhateng sesami. Sampun ngantos kita lena, mboten migatosaken kahananing batos kita saking panggodha ingkang jalari raos sengit, kuciwa, hawa nepsu lsp. Mangga kita sami mratobat, satemah gesang kita tansah kaenggalaken sarta kawangun kanthi sembada ing ngarsa-Nipun. Amin. [mojo].
“Woh ingkang legi, isine mesthi migunani.”