Martoasken Asmanipun Pangeran Pancaran Air Hidup 29 April 2021

29 April 2021

Waosan : Jabur 22 : 23 – 32 | Pamuji : KPJ. 428 : 1, 2
Nats
: “Kawula badhe martosaken asma Paduka dhateng para sadherek kawula, Paduka badhe kawula puji wonten ing tengahipun pasamuwan.” (Ayat 23)

 Jabur 22:23 menika kaucapaken mboten saking kawontenan ingkang sakeca, ananging saking saktengahing karupekan ingkang kaalami dening abdinipun Gusti ingkang kawontenanipun kagambaraken kados dene cacing ingkang dados cacadan lan pangewan-ewan. Piyambakipun karubung ing mengsah miwah bebaya, ingkang kagambarakaen kadosdene lembu kanthi singatipun, singa ingkang mangap cangkemipun lan gerombolanipun segawon. Tiyang-tiyang sami ningali ananging mboten wonten ingkang maelu.

Yehuwah Allahipun ingkang Maha adil saestu mboten badhe negakaken. Panjenenganipun mboten jijik mitulungi kanisthanipun para tiyang ingkang katindhes. Sadaya pangluwaranipun Gusti menika kabukti. Mila juru mazmur ing ngriki, martosaken asma lan pakaryanipun Gusti menika dhumateng para sadherekipun miwah ing saktengahing pasamuan. Malah para tedhak turunipun badhe martosaken dhumateng generasi saklajengipun. Kaadilanipun kawartosaken dhumateng generasi bangsa-bangsa saklajengipun. Kanthi mekaten pawartos rahajeng menika mboten namung sumebar ing sakiwa tengenipun, ananging ugi tangkar-tumangkar saking generasi satunggal dhumateng generasi saklajengipun.

Iba agungipun pangluwaranipun Gusti lumantar Gusti Yesus tumrap gesang kita. Menapa sadaya menika tansah kita wartosaken dhumateng sadherek kita, pasamuanipun Gusti, malah anak putu kita? Lan mekaten ugi anak putu kita nglajengaken dhumateng anak putunipun, matemah kaadilanipun Gusti Allah sangsaya wradin ing jagad katindakaken ing saktengahing bebrayan, tangkar-tumangkar saking generasi satunggal dhumateng generasi saklajengipun. (BRU)

“Iba nentremaken manah pawartos rahajeng ingkang kaundhangaken sumrambah ing tengahing bebrayan.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak