Sangkul Sinangkul Pancaran Air Hidup 29 Agustus 2025

29 August 2025

Waosan: Wulang Bebasan 18 : 6 – 12  |  Pamuji: KPJ. 368
Nats: “Lambene wong gemblung njalari pasulayan, sarta cangkeme bengak-bengok njaluk digitiki.” (Ayat 6)

Sangkul-sinangkul ing bot repot, saestu nengsemaken anggen kita gesang sesarengan, sae wonten ing masyarakat, ing papan pandamelan, ing pasamuwan, mekaten ugi wonten ing brayat kita. Kita ngrumaosi mboten gesang piyambak, kita ngraosaken kathah sedherek ingkang mbiyantu kita, kawigatosan ingkang nuwuhaken kakiyatan lan optimisme gesang. Ananging kasunyatan gesang asring ndadosaken kita minder, kita rumaos piyambak. Sangkul-sinangkul ingkang dados jawaban ewet dipun lamapahi, tumindak sae asring dipun landesi kaliyan kapentingan pribadi lan raos pinunjul. Sarampunging kita nulungi tiyang sanes malah dados bahan gosip, mitulungi mboten ndadosaken ayeming manah, malah dados dredah.

Lumantar waosan ing dinten punika, kita sesarengan dipun ajak nggatosaken dhiri kita mliginipun bab mekak ilat lan ngrumaosi dhiri langkung  pinunjul (Ay. 6). Mekak ilat punika nuwuhaken kawicaksanan awit sedaya ingkang kaucap punika dados gambaran isining manah dan pamikiran kita. Mila pangucap sae punika kedah dipun landesi kaliyan pamikiran ingkang sae ugi, satemah sedaya saged nuwuhaken kasaenan (Ay. 12). Waosan kita maringi gambaran bilih ilat lan manah punika saged nuwuhaken kasaenan lan ugi pasulayan, mila sedayanipun kedah kalandesan ing Gusti ingkang dados paugeranipun gesang.

Wonten ing wulan pambangunan punika, kita dipun ajak gatosaken kawontenan greja kita. Punapa kemawon ingkang sampun kita tindakaken kangge mbangun greja kita ngantos ing dinten punika? Kita sadari bingah-sisah, abot-enteng tamtunipun gilir-gumantos ing greja kita. Mila sumangga kita sami sangkul-sinangkul kanthi gumolonging manah. Kita sami handarbeni tumrap kawontenanipun greja kita punika. Ing satengahing greja, brayat, lan gesang kita, sangkul-sinangkul punika kedah dados pakulinan ingkang sae, nilai ingkang wajib kita trapaken. Mangga srana tanggel jawab, kita wujudaken pambangunan pasamuwan ingkang miturut karsanipun Gusti. Mangga kita mbudidaya kawontenan gesang ingkang lembah ing manah, mekak ilat, lan sami sangkul-sinangkul mbangun gesang sesarengan kagem kamulyanipun Gusti. Amin. [GF].

“Prayoginipun kados “Semut” sedaya dipun sanggi sesarengan.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak