Ora Bisa Apa Ora Gelem? Renungan Harian 29 Agustus 2020

29 August 2020

Waosan : Pangentasan 4 : 1 – 9   | Pamuji  : KPK. 115
Nats
: “Kados pundi menawi tiyang –tiyang wau sami boten ngandel dhateng kawula, saha boten mirengaken dhateng tembung – tembung kawula ….?” (Ay. 1)

“Rumaos boten pantes lan boten saged” punika dados ukara ingkang limrah kaucapaken dening tiyang menawi nampik timbalan peladosan ingkang dipun paringaken Gusti ing satengahing pasamuwan. Duka punika nalika dipun timbali dados pinisepun lan diaken, kepanitiaan, utawi Badan Pembantu ing pasamuwan. Sayektosipun ing swaliking ukara kang andhap asor punika wonten maksud “boten purun lan dereng pati pitados” tumrap panyariranipun ingkang nimbali.

Perkawis punika ingkang dipun raosaken dening Musa. Punapa ingkang dados alasanipun nabi Musa pancen boten tanpa sebab, amargi sampun saestu dangu saestu bangsa Israel punika ngalami kaprihatosan gesang ing sangandhape pangwasanipun Mesir. Menawi Musa punika ajrih bilih bangsa Israel sampun boten wanuh malih sinten ingkang dados Allahipun. Menawi Musa ugi ajrih bilih bangsa Israel boten yakin bilih Gusti Allah taksih nresnani piyambakipun. Lan pungkasan ing ayat 10; ing ngriku katingal bilih Musa boten tatag (ora Percaya Diri) lan boten yakin kaliyan kasagedanipun piyambak. Lajeng dados saestu eman bilih Musa nggadhahi raos boten pati pitados bilih Gusti bakal nganthi ing sadangune anggen Musa nindakaken timbalanipun.

Sejatinipun bilih Gusti nimbali lan maringi tanggeljawab, Gusti ugi badhe nyekapi ing bab punapa mawon (daya, dana, lsp) supados kersaniPun lumantar timbalan punika saged dados kasunyatan. Kados ingkang dipun tedahaken dhumateng Musa, Gusti maringi kasekten supados Musa saged nedahaken mujizat ingkang saged dipun pirsani sacara langsung dening bangsa Israel lan Mesir, amrih sedaya sami pitados lan mitadosi bilih Musa punika abdiniPun. Botena dhateng Musa mawon, dhumateng kita ugi mekaten. Gusti kita boten namung ngereh supados kita nindakaken ingkang dados kersaNipun, ananging Gusti ugi njangkepi kita kaliyan sarana – sarana, duka punika materiil lan non materiil supados punapa ingkang dipun kersaaken saged kasunyatan. Milanipun sampun ngantos kita punika nampik timbalanipun Gusti, punapa malih miyar – miyur ing kapitadosan. Awit Gusti Allah kita punika mboten badhe mendel lan kendel ing salebeting kita nindakaken ayahan peparingiPun. (nDrung)

“Pitados mawon dhateng Panjenenganipun, Gusti Maha Kwaos njangkepi kabetahan kita.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak