Busuk Ketekuk, Pinter Keblinger Renungan Harian 28 Februari 2018

28 February 2018

Waosan : Yokanan 12 : 36 – 43 | Pamuji: KPJ.106
Nats: Sanadyan Gusti Yesus wus nindakaké mukjijat samono akèhé ana ngarepé wong-wong iku, éwadéné padha ora pracaya marang Panjenengané,…”(ay.37)

Unèn – unèn basa Jawi punika tegesipun: saé ingkang bodho punapa ingkang pinter sami – sami manggih kacilakan. Punika nedahaken satunggal kahanan bilih tiyang – tiyang ingkang bodho nampi kacilakan amargi boten purun sinau; dene ingkang pinter sami sembrono, awit rumaos sampun mangertos lan boten betahaken malih sanèsipun. Mila lajeng sami cilaka, saé ingkang bodho mekaten ugi ingkang pinter.

Waosan kita dinten punika ugi nedahaken kahanan kados unen-unen ing nginggil. Kathah ingkang sami boten purun sinau saking mukjizat ingkang dipun tindakaken Gusti Yesus. Kanthi makaten sami boten mangertos sinten Gusti Yesus punika. Amargi boten mangertos lajeng sami boten pitados . Makaten ugi ingkang kagolong pinter, antawisipun para imam, ahli Toret lan sanèsipun, ugi sami nyélaki kanyatan ingkang ngédab – édabi wonten ing salebeting mukjizat ingkang dipun tedahaken Gusti Yesus. Amargi rumaos pinter, milanipun  sami boten pitados dhumateng Gusti Yesus.

Gegambaran ing salebeting cariyos punika èstunipun dados pepènget dhumateng kita sedaya ingkang ngaken pitados dhumateng Gusti Yesus. Awit, kita asring manggihi (malah mbok bilih nglampahi piyambak) boten sekedhik tiyang ingkang ngaken pitados dhateng Gusti Yesus, nging lampah gesangipun nedahaken bènten. Ing lampah gesangipun malah ngendelaken sanèsipun lan nglirwakaken Gusti.

Kamangka èstunipun mukjizating Gusti menika tansah nyata saben dinten, énggal saben enjing ing gesang kita. Mangga sami purun sinau saking mukjijatipun Gusti ing gesang punika (supados boten bodho). Mangga sami purun mbikak manah nampeni piwucal saking sabdanipun Gusti saben dinten (sampun ngantos keminter). Kanthi makaten kita sami tampi kasagedan mujudaken gesang ingkang saèstu  pitados dhumateng Gusti Yesus. [wn]

Pitados dhateng Gusti ateges tut wingking ing sakarsaNipun

Renungan Harian

Renungan Harian Anak