Waosan : Yesaya 54 : 1 – 17 | Pamuji : KPK 114 : 1 – 2
Nats: “Sabab sanadyan gunung-gunung padha ngalih lan tengger-tengger padha gonjing, nanging sih susetyaningSun ora bakal ngalih saka ing sira...” [ayat 10a]
Wicanten bab katresnanipun Allah boten wonten watesipun. Sanadyan manungsa lan titah sanesipun asring nerak angger-anggeripun, nanging Allah boten nate nyelaki prajanjinipun kaliyan sedaya titahipun. Bangsa Israel ugi asring boten ngugemi dhawuhipun Allah, malah nebihi Allah, ananging Allah boten tegel lan tansah tumindak sae miturut prajanjinipun. Allah mbangun sesambetan malih lan nglestantunaken sesambetan menika supados langgeng. Mila bangsa Israel nampeni kalenggahan enggal lan dados umat pinilih, bangsa ingkang ageng lan kinurmatan.
Pangertosan ingkang saged kita pendhet saking waosan ing dinten punika: katresnanipun Allah boten badhe dipun kirangi punapa malih dipun ewahi, sanadyan manungsa asring nguciwani Allah. Malah Allah kersa ngenggalaken prajanjinipun kanthi ndadosaken umat pinilih, sansaya kiyat lumawan mawarni warni mengsah wonten ing lampahing gesangipun. Artosipun Allah tamtu tansah maringi pangayoman lan panganthi. Umatipun boten namung badhe unggul lan saged ngasoraken sedaya mengsah gesangipun, ananging sedaya mengsah ingkang arupi warni-warni karibetan kalawau boten badhe nyelak wonten ing gesangipun.
Ingkang dados kawigatosan salajengipun tumrap umat pinilih inggih punika paring wangsulan dhumateng katresnanipun Allah. Wangsulan limrah ananging awrat dipun lampahi inggih punika, ngugemi dhawuh pangandikanipun Allah. Kanthi ngugemi dhawuh pangandikanipun Allah, umat pinilih mbabaraken karsanipun Allah ing lampah gesangipun. Menawi lajeng kathah tiyang ningali lan nuladhani lampah gesang umat pinilih, mila tiyang kalawau ugi nampeni katresnan, pangayoman dan panganthi saking Gusti Allah ugi.
Kita kalebet umat pinilih. Punapa ingkang kedah kita lampahi sampun cetha. Nanging kadospundi menawi kita boten ngugemi dhawuh pangandikanipun Allah?. Boten namung kasaenan ingkang boten saged dipun raosaken dening sedaya titah, ananging kita kalebet titah ingkang nyumpeti karsaning Allah kalampahan ing alam donya. Kanthi makaten kratoning Allah sansaya lami anggenipun kababar. Amin [yohdik]
“Mbabarken tresna-Nya mring sesami mrih samya raharja wah basuki”