Waosan: Pangandharing Toret 1 : 1 – 18 | Pamuji: KPJ. 35
Nats: “Nalika samana aku pitutur marang kowe mangkene: Manawa ijen aku ora kuwat nyangga tanggung-jawab marang kowe.” (Ayat 9)
Perang Bratayudha punika salah satunggal lelakon wontening pewayangan ingkang nyriosaken perang ageng, ingkang kelampahan wonten ing jagad pewayangan. Kalih brayat trahipun Barata, inggih punika Kurawa lan Pandhawa. Gangsal kakang adhi Pandhawa perang nglawan satus kakang adhi Kurawa. Perang ingkang kelampahan wonten ing Tegal Kuruseta punika asring dipun sebat perang antawis kabecikan nglawan kadurjanan. Perang punika saged rampung, Pandhawa menang nglawan Kurawa amargi satunggal lan satunggalipun para Pandhawa paring pambiyantu lan saiyeg saeka praya kangge mujudaken katentreman.
Nalika kautus nindakaken lelampahan gesang ingkang awrat, kita tamtu nggadhah raos ajrih lan sumelang. Wonten pitakenan salebeting manah kita, “Punapa saged kanthi saestu kula nindakaken lelampahan punika?”. Tamtu punika prekawis limrah amargi kita rumaos sacara kakiyatan fisik kita sampun mboten kiyat, utawi secara kemampuan taksih kirang lan mawarni-warni prekawis sanesipun. Mbok bilih punika ugi ingkang dipun raosaken para Pandhawa nalika badhe nindakaken lelampahan gesangipun. Pangandharing Toret 1: 9 saged dados piwucal kangge kita ingkang taksih mangu-mangu utawi sumelang kangge nindakaken lelampahan gesang mujudaken kabecikan. Musa paring paseksi anggenipun nglampahi gesang lan tanggel jawab minangka Nabi utusaning Gusti Allah. Piyambakipun nyriosaken nalika mimpin bangsa Israel tumuju dhateng Kanaan, piyambakipun rumaos kawratan. Bangsa Israel ingkang cacahipun kathah sanget, dadosaken Musa nggadhah pemanggih bilih sampun wekdalipun piyambakipun andum peladosan. “Manawa ijen aku ora kuwat nyangga tanggung-jawab marang kowe.” (Ay. 9). Salajengipun, Musa mranata tiyang ingkang wicaksana, limpad ing budi saking saben taler/ suku. Para tiyang ingkang sampun kapiji punika dipun angkat dados para pemimpin lan panggedhening wadya – bala Israel.
Mbudidaya katentreman lan kabecikan punika kedah kita wujudaken wonten gesang padintenan kita. Menawi namung ijen tamtu kathah alangan ingkang kita adhepi, karupekan lan semplahing manah badhe kita raosaken. Mekaten ugi katentreman lan kabecikan mboten saged kawujudaken ing gesang kita. Pramila swawi kita saiyeg saeka praya, satunggal lan satunggalipun tiyang sami asung pambiyantu lan semangat kangge mujudaken katentreman ing alam donya punika. Amin. [Nandes].
“Aja kwatir lan aja wedi!”