Waosan: Yesaya 41 : 1 – 12 | Pamuji: KPJ. 59
Nats: “Ingsun bakal nyantosakake, malah bakal mutulungi sira; Ingsun bakal nganthi sira kalawan astaningSun tengen kang njalari menang.” (Ayat 10)
Ing sadhengah kahananing gesang, kita tamtu kagungan pangenget bab tiyang-tiyang ingkang pinanggih kaliyan kita. Ing salebeting pangenget kalawau, tamtu nuwuhaken pangenget pangalaman ingkang mawarni-warni. Saking pangenget pangalaman, kita ugi saged nemtokaken kados pundi track record (rekam jejak) tiyang-tiyang ingkang pinanggih kaliyan kita. Umpaminipun, menawi miturut pangalaman, tiyang kalawau asring tumindak awon, ngapusi, julig atinipun lan mbebayani, tamtu kita badhe ngati-ati dhateng tiyang kalawau. Kosokwangsulanipun, menawi tiyang punika nyata anggenipun tumindak wujudaken kasaenan, saged dipun ugemi tembung sarta tumindakipun, kita tamtu rumaos ayem santosa nalika mbangun hubungan kaliyan piyambakipun.
Saking waosan kita dinten punika, kita saged ningali sarta netepi track record (rekam jejak)ipun Gusti Allah. Lumantar nabi Yesaya, Gusti Allah paring prajanji tumrap bangsa Israel bilih Gusti piyambak ingkang badhe nganthi lan mitulungi gesangipun bangsa Israel. Lan katitik bilih sampun kathah sanget buktinipun kados pundi anggenipun Gusti Allah paring pitulungan dhateng bangsa Israel. Saking ngriku saged dipun pirsani bilih Gusti Allah punika Gusti ingkang saestu kagungan track record (rekam jejak) ingkang sae sanget.
Kados dene pakaryan tumrap bangsa Israel, sumangga kita sami mengeti, wonten ing gesang kita padintenan. Kita enget sanajan gesang ingkang kita lampahi punika awrat, Gusti Allah prajanji boten badhe negakaken kita. Pitulungan-Ipun tansah nyata karaosaken. Gusti Allah ingkang netepi prajanjinipun dhateng bangsa Israel ing mangsa kapengker, ugi Gusti Allah ingkang tansah makarya lan nedahaken katresnanipun ing mangsa ingkang badhe kalampahan. Rama kaswargan tansah mranata gesangipun manungsa miturut rancangan-Ipun ingkang kebak ing kawilujengan. Pramila, kita ingkang dados para pandherekipun kedah sinau masrahaken gesang kita pribadi wonten ing pangayunanipun Sang Yehuwah. Sumangga kita sinau sumendhe ing Sabdaning Gusti sarta pitados ing sih rahmatipun Gusti. Amin. [ardien].
“Tidak perduli badai apa yang kamu hadapi, kamu perlu tahu bahwa Tuhan mengasihimu”
-Franklin Graham-