Waosan : Matius 21 : 23 – 32 | Pamuji : KPJ. 91
Nats: “Satemene pituturKu marang kowe : para juru-mupu-beya lan para wanita tuna-susila bakal ndhisiki kowe lumebu ing Kratoning Allah.” (Ay. 31c)
Wonten abdinipun Gusti saweg martosaken Injil dhateng buruh tambang. Ngendikan makaten: “Sing sapa kepingin urip slamet mung siji syarate, yaiku pracaya marang Gusti Yesus.” Lajeng respon buruh tambang makaten: ”Kok yow kepenak banget, mung pracaya marang Gusti Yesus banjur bisa slamet.” Ingkang dados pitakenanipun abdinipun Gusti, “Sampean megawe neng ngendi?” Wangsulanipun buruh tambang, “Panggenan kula nyambut damel tebih sanget, atusan meter wonten ing sangandaping siti.” Abdinipun Gusti, “Wah, mestine angel banget kuwi anggone sampean munggah lan mudun ing njerone lemah.” “Babar pisan boten ewet malah kapara gampil sanget, awit perusahaan kula sampun masang ‘lift’, kula namung mencet tombolipun sampun dumugi panggenan kula nyambut damel lan makaten ugi anggen kula wangsul minggah, responipun buruh tambang.” Abdinipun Gusti, “Pada karo perusahaanne sampean wis kangelan nyawisake ‘lift’ supaya sampean munggah mudun ora kangelan, saiki sampean kari penake. Yo mangkono ugo Gusti Yesus wus kangelan kanthi margi seda ing kajeng salib supaya awake dewe pada oleh slamet, mula saiki sing sapa pracaya marang Gusti Yesus bakal slamet.”
Sadaya manungsa kawontenanipun sarwo ringkih, kebak dosa lan kalepatan. Nanging, kasunyatanipun manungsa remen gumunggung wonten ing ngarsanipun Gusti Allah. Manungsa kanthi gampil kemawon nglampahi dosa. Sanadyan sampun mangertos yen nyolong, ngapusi, laku jina, nyembah brahala, punika sedaya boten pareng, ananging manungsa tetep remen nglampahi. Kamangka saben minggu nggih tindak greja, nggih ndedonga, nggih ngabekti, ananging boten nglampahi sabdanipun Gusti. Pramila sabdanipun Gusti, “… para juru-mupu-beya lan para wanita tuna-susila bakal ndhisiki kowe lumebu ing Kratoning Allah.” Awit juru mupu beya lan wanita tuna susila, purun nggetuni lan pitados dumatheng Gusti.
Nindakaken dawuhipun Gusti punika dados prakawis ingkang wigatos lan kedah dipun lampahi wonten ing gesang padintenan. Kita sami ngaken pitados dhumateng Gusti Yesus, kita kedah purun ngetut wingking lan nglampahi sabdanipun. Pramila sumangga sami enggal nggetuni dosa kalepatan kita lan pitados dhateng Gusti Awit, sinten ingkang pracaya bakal wilujeng. Enggal getuna lan pracayaa! [Life]
“Rahayu tiyang ingkang mirengaken lan nglampahi sabdanipun Gusti”