Waosan: Lelakone Para Rasul 4:13-31 I Pamuji: KPJ 445:1-3
Nats: “Nalika pada ndedonga iku, panggonane kumpulan banjur gonjing, sarta kabeh padha kapenuhan ing Roh Suci, tuwin tumuli padha martakake pangandikaning Allah kalawan kendel”. (ay 31)
Kula kemutan satunggal pengalaman nalika stage ing salah satunggaling pasamuwan ing GKJW. Kula tilem ing pastori. Menawi dalu, kala-kala kula mireng swanten kayu gemlodak ingkang aneh. Kula nyuwun pirsa merbot greja prekawis punika. Pak Merbot paring katrangan bilih menika swantenipun tikus. Nanging kula boten pitados, awit swanten gemlodak amargi tikus benten kaliyan swanten gemlodak ingkang kula pirengaken. Wusananipun pak Merbot paring wangsulan menawi swanten punika swantenipun peti mati wonten samping kamar kula. Kula rumaos boten sakeca. Salajengipun, yen mireng swanten glodhakan ing wanci dalu, kula ajrih. Nanging kula lajeng paring pitakenan dhateng diri kula piyambak: “ Mosok calon abdine Gusti wedi karo suara gemlodhake peti mati?„
Pitakenan batos menika ndadosaken kula sekedhik mbaka sekedhik wantun. Mila kula saged nuntasaken stage 6 wulan ing pasamuwan menika. Haleluya!
Bapak ibu sadherek, Petrus lan Yohanes punika tiyang limrah ing babagan teologi. Artosipun boten ndherek pendidikan formal lumantar rabi/ahli Taurat kangge mangertos dasar-dasar pengajaran Taurat. Mila parepatan/sidang Sanhedrin (Mahkamah Agama paling inggil Yahudi) kaeraman karana tiyang kekalih punika nggadahi kekendelan lan kawicaksanan. Tiyang sanes ingkang dipundongani wonten dalem asmanipun Yesus, lajeng saras. Senaosa kewibawaanipun Petrus lan Yohanes dipun tantang, dipun ancam supados boten mbabar kabar endah, lan boten nindakaken mujizat ing Asmanipun Yesus Kristus, nanging Petrus lan Yohanes saged paring wangsulan karana panuntuning Roh Suci. Menapa ingkang katindakaken namung nurut karsanipun Allah. Mila golongan Sanhedrin boten saged paring paukuman dhateng kekalihipun.
Martosaken Pangandikaning Allah kalawan kendel punika estu satunggal prakawis ingkang saged katindakaken karana panuntunipun Sang Roh Suci. Kathah ancaman lan tantangan. Nanging ing salebeting pandonga wonten kekiyatan lan kawicaksanan kangge nindakaken misinipun Allah, miturut ingkang dados Karsanipun. Amin. (YEW).
“Kendel mbabar kabar adi karana Panuntuning Roh Suci, aja wedi Gusti nganthi“