Tresna Kang Nyata Pancaran Air Hidup 27 Oktober 2024

27 October 2024

Waosan: Markus 10 : 46 – 52  |  Pamuji: KPJ. 345 : 1 – 4
Nats: “Gusti Yesus tindake tumuli kendel lan dhawuh: “Undangen mrene!” (Ayat 49A)

Bu Tilek punika randa ingkang manggen piyambakan ing griya warisan. Piyambakipun mboten kagungan yoga lan pandamelan. Celak dalemipun, manggen Pak Kawuk lan semahipun, kanca patunggilan ing greja. Bu Kawuk kanthi legawa kersa ngintuni tetedhan dhateng bu Tilek seminggu ping tiga. Mekaten ugi nalika tindak greja, Pak Kawuk sekalian purun mapag bu Tilek matemah saged tindak greja sesarengan. Bu Tilek rumaos bingah awit boten piyambakan nglampahi gesangipun, punika ugi murugaken bu Tilek semangat anggenipun ngabekti.

Ing waosan kita, Gusti Yesus ingkang dipun dherekaken dening para sekabatipun lan tiyang kathah miyos saking Yerikho. Ing ngriku tindakipun Gusti Yesus kaganggu dening Bartimeus, tiyang ngemis wuta ingkang saweg nguwuh-uwuh: Dhuh, Gusti Yesus, tedhakipun Sang Prabu Dawud, kawula mugi Paduka welasi!” Panguwuh-uwuh punika murugaken tiyang kathah kaganggu matemah Bartimeus dipun aturi mendel. Nanging Bartimeus saya seru anggenipun nguwuh-uwuh. Punika ndadosaken Gusti Yesus kendel lajeng nimbali Bartimeus, lan karsa mitulungi sarana nyarasaken Bartimeus. Tiyang kathah ingkang ndherekaken Gusti Yesus wau, kados-kados mboten nggadhah raos tresna lan peduli dhateng Bartimeus, ingkang nandang sangsara. Sadaya sami ndukani Bartimeus, sadaya sami ngersakaken supados Bartimeus mendel. Benten kaliyan Gusti Yesus ingkang nedahaken katresnan-Ipun. Panjenenganipun kersa mujudaken punapa ingkang dipun suwun Bartimeus minangka kabetahanipun, inggih punika saras lan saged ningali.

Minangka tiyang kristen, kita dipun wastani pandherekipun Gusti Yesus. Lha, sadangunipun kita dados tiyang Kristen, punapa kita sampun saged nulad Gusti Yesus? Punapa malah kados dene tiyang kathah ingkang ndherekaken Gusti Yesus wau? Mboten nggadhahi raos peduli dhateng sesami ingkang saweg nandang sangsara. Bilih kados mekaten, kita punika sami kaliyan mboten nggadhahi raos tresna dhateng sesami. Bilih mboten saged nresnani sesami, ateges kita mboten saged nresnani Gusti Allah. Pramila, sumangga kita ngupadi nulad Gusti Yesus lan Pak Kawuk saha semahipun. Kita wujudaken katresnan kita sarana tumindak nyata, kados ta: purun tulung tinulung, mboten ngasoraken liyan, sami ngajeni, sami ngapunten sesami, mboten nyimpen dendam lan sanesipun. Awit sarana katresnan ingkang nyata ing tumindak punika, kita saged nuwuhaken gesang rukun lan tentrem, sarta patunggilan kita kaliyan sesami sansaya raket. Amin. [nn].

”Tresna sejati katingal saking tumindak nyata.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak