Waosan: Pangandharing Toret 9 : 25 – 10 : 5 | Pamuji: KPJ. 448 : 1, 2
Nats: “Unjukku: Dhuh Gusti Allah, mugi sampun ngantos nyirnakaken umat Paduka piyambak, ingkang sampun Paduka tebus kaliyan kaluhuran Paduka saha ingkang sampun Paduka entasaken saking tanah Mesir kanthi asta ingkang rosa.” (Ayat 26b)
Kacariyos nalika lumampah ing ara-ara tumuju ing tanah Kanaan, bangsa Israel asring sanget mbalela lan nglawan Gusti Allah. Wekasan, pambalela ingkang ndadosaken Panjenenganipun duka inggih punika nalika bangsa Israel murtad, boten purun nyembah Panjenenganipun malih, malah yasa patung pedhet emas ingkang dipun dadosaken sesembahan enggal. Krana saking dukanipun, Gusti Allah ngrancang badhe numpes bangsa Israel. Bangsa punika pancen bangsa ingkang wangkot, ewet dipun tuturi. Mila Nabi Musa ingkang dipun dhawuhi Gusti Allah ngengen lan ngiring bangsa Israel punika saestu kaponthalan ngadhepi polah tingkahipun bangsa Israel ingkang kados mekaten.
Bangsa Israel punika sampun kaentasaken saking pangawulan ing Mesir supados manggihi rahayu wonten ing tanah Kanaan kados prasetyanipun Gusti Allah dhateng para leluhuripun. Karana punika menawi bangsa Isarel punika katumpes ing satengahing margi, kamangka Musa saged dipun sebat nabi ingkang gagal nindakaken timbalanipun Gusti lan Gusti Allah ugi badhe kawirangan karana dipun sebat Gusti ingkang kejem dhateng umatipun lan mblenjani prasetya-Nipun. Mila Musa “kumawantun” nyenyuwun agunging samudra pangaksami dhumateng Gusti Allah kangge bangsa Israel ingkang wangkot punika. Anggenipun Musa nyenyuwun pangapunten ngantos dipun lampahi kanthi sujud ingkang dangunipun sekawan dasa dinten sekawan dasa dalu. Lampah punika saestu nuwuhaken kasil, Gusti Allah kersa paring pangapunten lan yasa prasetyan ingkang badhe ndadosaken bangsa Israel punika tansah wonten ing kawontenan sae, inggih punika “Angger-angger Sedasa Prekawis.”
Lumantar “kumawantunipun” nabi Musa punika bangsa Israel saged nglajengaken lampahipun tumuju ing Kanaan lan dados lestari ngantos ing jaman punika. Kados nabi Musa, kita sedaya dipun timbalan dening Gusti ndherek tandang damel mujudaken lestarining patunggilan. Ing wiwitan Gusti Allah ngersakaken patunggilan punika kayasa saged tuwuh ngrembaka lan lestari. Mila saking punika sampun ngantos kita namung mendel kemawon, nanging sumangga kita purun tandang damel, makarya salebeting pasamuwun mujudaken kasaenan sarta katentreman ing satengahing gesang pasamuwan. Amin. [nDrung].
“Melua tandang gawe, aja mung ngomong bae.”