Mencorong Renungan Harian 27 Oktober 2020

27 October 2020

Waosan : Pangentasan 34 : 29 – 35 | Pamuji : KPJ. 431
Nats:
… kuliting pasuryane mencorong marga saka wus imbal wacana karo Pangeran Yehuwah(Ay. 29)

 Tembung “mencorong” punika gadahi teges ngedalaken cahya ingkang padhang sanget. Barang-barang ingkang asring kita panggihi lan saged ngedalaken cahya inggih punika srengenge, lampu, handphone, komputer lan senter. Mbok menawi taksih wonten, mangga dipun padosi malih! Kenging punapa barang saged ngedalaken cahya? Awit wonten sumber energinipun. Srengenge gadhahi sumber energi panas inggih punika geni. Barang-barang elektronik, kados ta, lampu, handphone, komputer lan senter kasambung kaliyan energi listrik. Karana nggadhah sumber daya punika barang-barang punika saged nyunaraken cahya kangge madhangi sekitaripun.

Ing waosan kita dinten punika, nyariosaken bilih kuliting pasuryanipun Musa mencorong. Ing ayat 29 dipun sebataken: “…..Nabi Musa tumedhak saka ing Gunung Sinai, – papan angger-anggering Allah sakarone kaasta mandhap, nalika mandhap saka ing gunung mau – panjenengane ora mirsa yen kuliting pasuryane mencorong marga saka wus imbal wacana karo Pangeran Yehuwah”. Kuliting pasuryanipun Nabi Musa mencorong awit pepanggihan lan imbal wacana (berbicara) kaliyan Sang Yehuwah lan nampi angger-anggeripun Allah. Nabi Musa pepanggihan kaliyan Sang Yehuwah dangunipun sekawan dasa dinten lan nglampahi siyam. Mencoronging pasuryanipun Musa ngetingalaken bilih kharisma-nipun Nabi Musa mimpin bangsa Israel sangsaya sae. Sedaya punika awit karana rumaketing Nabi Musa kaliyan Gusti Allah.

Pepanggihan kaliyan Gusti Allah lan nampi sabdanipun ndandosaken “pasuryan” kita mencorong, inggih punika ngasilaken ewah-ewahipun pigesangan ingkang sae. Dados prekawis ingkang wigatos menawi kita sangsaya ajeg lan semangat pepanggihan kaliyan Gusti Allah lan nampi sabdanipun ing salebeting pandonga, pamuji lan pangabekti. Pepanggihan kita kaliyan Gusti Allah punika saged dadosaken mencoronging gesang kita. Tiyang sanes saged ngraosaken sih katresnanipun Gusti Allah lumantar gesang kita ingkang tansah kebak ing sih katresnan. Pramila mangga kita sami ngraketaken pepanggihan kita kaliyan Gusti Allah malih. Sampun ngantos kita tebih saking Gusti nanging mangga ing salampahing gesang kita sansaya celak kaliyan Gusti Allah ingkang dados sumbering gesang kita. (SWT).

 “Ayo padha nyunarke cahya”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak