Rusuh lan Suci Renungan Harian 27 November 2020

27 November 2020

Waosan : 1 Tesalonika 4 : 1 – 18 | Pamuji : KPJ. 202
Nats:
Awit Gusti Allah anggone nimbali kita iku ora supaya alaku rusuh,nanging supaya nindakake apa kang suci.” (Ay. 7)

Mbok menawi kita nate mireng paribasan “bersih pangkal sehat”. Punapa tegesipun paribasan punika? Tegesipun: pandhamel ingkang resik ndadosaken sehat. Lingkungan griya, greja, kamar, kantor, lan papan-papan sanesipun ingkang resik, ndadosaken sehat. Mekaten ugi badan kita, menawi resik awit asring siram, badan sehat. Cobi menawi lingkungan kita rusuh, tamtu dados panggenan penyakit. Langkung-langkung badan kita, cobi menawi boten nate siram? Punapa ingkang kedadosan? Badan kraos gatel lan gampil kenging penyakit. Supados lingkungan lan badan kita sehat, prekawis ingkang kedah kita lampahi inggih punika nindhakaken lampah gesang ingkang resikan lan boten “koproh utawi kemproh”.

Boten namung bab lingkungan lan badan kemawon ingkang kedah resik, gesang kita ugi kedah resik utawi suci. Kados dhawuh ingkang kita waos ing dinten punika. Rasul Paulus ngengetakken kita supados mujudaken lampah gesang ingkang suci. “Awit Gusti Allah anggone nimbali kita iku ora supaya alaku rusuh, nanging supaya nindakake apa kang suci.” (ayat 7). Lampah gesang ingkang suci mujudaken lampah gesang ingkang mbangun turut kaliyan karsanipun Gusti Allah. Rasul Paulus paring conto kados pundhi nglampahi gesang ingkang suci. Kados ingkang kaserat ing ayat 3, “Amarga kang dadi karsane Gusti Allah iku: kasucenmu, yaiku supaya kowe padha nyingkiri laku jina.”

Pundhi ingkang badhe kita pilih? Sehat utawi sakit? Tamtu kita gadhah pangajeng-ajeng supados tansah sehat. Sae ing bab kajasmanen lan karohanen. Supados tansah sehat sumangga kita tansah mujudaken lampah gesang ingkang resik/suci. Njagi diri supados boten dhawah ing lampah gesang jina. Lan ugi semangat nglampahi karsanipun Gusti. Amin. (SWT).

 “Rahayu kang utama lakune”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak