Pamimpin Ingkang Amanah Pancaran Air Hidup 27 Mei 2025

27 May 2025

Waosan: 2 Babad 15 : 1 – 15  |  Pamuji: KPJ. 209
Nats: “…, Sang Prabu banjur ngiyatake panggalihe lan nuli nyingkirake dewa-dewaning kanisthan saka ing saindenge tanah Yehuda lan Benyamin, … Misbyahing Yehuwah kang ana ing sangarepe srambining Padaleman Sucine Pangeran Yehuwah dianyarake.” (Ayat 8)

Wonten pidato pambuka minangka presiden Republik Indonesia ingkang nembe dipun kepyakaken, Presiden Prabowo mendet pepatah ingkang mekaten “… kalau ikan menjadi busuk, busuknya dimulai dari kepala…”. Minangka gesang sacara tata pamrentahan punika, Presiden Prabowo ngajak supados para pemimpining bangsa punika saged dados tuladha ingkang sae lan dados pemimpin ingkang saged mujudaken raharjaning bangsa. Bilih wonten mboten beneripun tata pamrintahan, punika karana pemimpinipun mboten saged dados pemimpin ingkang sae.

Wonten ing waosan kita, Prabu Asa minangka pemimpin wonten ing kraton Yehuda dipun panggihi kaliyan nabi Azarya bin Oded ingkang katedhakan Rohing Allah. Saking ngriku nabi Azarya paring dhawuh supados Prabu Asa, sadaya suku Yehuda lan Benyamin tansah ngupados Gusti Allah. Kawontenan punika kedah kelampahan supados bangsa Yehuda lan Benyamin ingkang ngraosaken gesang kebak kasangsaran punika saged nampi katentreman. Prekawis ingkang kelampahan punika dipun raosaken karana umat sampun nyingkur Gusti Allah. Saking dawuhipun Nabi Azarya punika, Prabu Asa purun ngupados Gusti Allah, nyingkiraken dewa-dewa sanes lan wangsul manembah dhumateng Gusti Allah malih. Saksampunipun para umat purun ngupados lan manembah Gusti Allah malih, para umat  sami ngraosaken katentreman (Ay. 15).

Saking carios Prabu Asa ingkang purun midangetaken sabdanipun Nabi Azarya lan purun ngupados Gusti Allah, umat saged ngraosaken katentreman. Cariyos punika paring pangertosan pentingipun pemimpin ingkang nggadhahi kapitadosan dhumateng Gusti Allah, lajeng mapanaken kapentingan rakyat dados tanggel jawab ingkang utami. Gusti Allah saestu paring katentreman dhateng sadaya umat ingkang purun sowan lan ngabdi dhumateng Panjenenganipun. Sumangga kita nggadhahi kapitadosan dhumateng Gusti Allah, lan kita lampahi tanggel jawab gesang kita punika kangge mbangun gesang sesarengan, sanes namung kangge mentingaken dhiri kita pribadi. Amin. [BWP].

“Tatag tanggon nglawan panggodha awit Gusti ngreksa.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak