Bacaan : 1 Para Raja 8 : 54 – 65 | Pamuji : KPJ. 166
Nats: “Supaya sakehing bangsa ing bumi padha sumurup, menawa Sang Yehuwah iku Gusti Allah, lan ora ana liyane” (ay.60)
Kula ngaturken sembah bekti, dé Gusti tansah mberkahi. Pepujen punika kaserat wonten ing KPJ.166. Nalika kita nampeni berkah saking Gusti, tamtu kita ngraosaken bingah, lajeng kita saos sokur dhateng Gusti. Berkah arupi menapa kemawon. Kados ta : kasarasan, lulus saking sekolah, ketampi makarya, lsp. Nalika nampeni berkah punika, wonten ingkang ngundang sederek-sederek rawuh ing pangabekti saos sokur. Kenging punapa? Karana berkah ingkang dipuntampi mboten namung dipunraosaken piyambak. Berkah lan kabingahan punika saged dipunraosaken ugi dening sederek-sederek sanesipun, ananging saderengipun saos sokur rumiyin dhateng Gusti srana pangabekti saos sokur punika.
Mekaten ugi Prabu Suleman saos sokur dhateng Gusti karana Padaleman Suci sampun rampun dipunyasa. Kados-kados mokal sacara manungsa, karana Padaleman Suci dirancang ageng sanget lan sedaya diyasa kanthi tenaga manungsa. Ananging saged rampung kanthi sae. Tamtu Prabu Suleman ngraosaken bingah sanget. Bingah karana Gusti sampun nganthi lan paring berkah ngantos Padaleman Suci rampung dipunyasa. Bingah karana sedaya warganing Israel paring pisungsung lan pambiyantu kanthi sukarena supados Padaleman Suci saged dipunyasa. Bingah karana wonten Prabu Hiram ingkang nyaosi kayu Eres lan kayu Beros kangge yasa Padaleman Suci. Prabu Suleman saos sokur kanthi pandonga sokur, pamuji sokur sarta paring berkah tumraping sedaya warganing Israel. Sarta ngemutaken bangsa Israel supados gesang manut miturut katetepanipun Gusti, leladi kanthi sukarena supados Asmanipun Gusti Allah kasuwurake ing bumi (ay.60-61).
Tamtu kita sedaya nate ngraosaken berkah lan panganthinipun Gusti wonten ing gesang kita. Asring kita ngadepi perkawis ingkang kados-kados mokal kagem manungsa, ananging saged kalampahan karana berkah lan panganthi saking Gusti. Nalika nampeni berkah saking Gusti arupi punapa kemawon. Kita dipunemutaken kados bangsa Israel supados wonten ing gesang kita tansah manut miturut dhawuhipun Gusti sarta leladi Gusti kanthi sukarena lan kebak katresnan supados Asmanipun Gusti kasuwuraken lan sederek-sederek sanesipun ugi ngraosaken berkahipun Gusti. (cha)
“Padha saosa puji sokur marang Pangeran Yehuwah”