Kakiyatan Saking Gusti Pancaran Air Hidup 27 Maret 2025

27 March 2025

Waosan: 2 Korinta 4 : 16 – 5 : 5  |  Pamuji: KPJ. 146
Nats: “Marga saka iku aku ora rumangsa semplah, malah sanadyan ta kamanungsanku kang lair sangsaya rusak, nanging kamanungsanku kang batin kaanyarake saben dina.” (Ayat 16)

Wonten satunggaling judul film, inggih punika Hercules. Film punika nyariosaken Hercules salah satunggaling tiyang kiyat ing jagad. Kakiyatanipun Hercules punika karana piyambakipun putra saking dewa Zeus, piyambakipun setengah dewa setengah manungsa. Srana kakiyatanipun, Hercules saged ngawonaken singa, Naga, raksasa, lan para tentara. Hercules ngginakaken kakiyatanipun punika kangge nulungi para tiyang ingkang katindes, tiyang ringkih, sarta kangge mbela kabeneran. Sanadyan piyambakipun kiyat, Hercules mboten gumunggung awit kakiyatanipun. Piyambakipun tetap andhap asor, karana mangertos bilih asal pinangkanipun kakiyatan punika saking Dewa Zeus, Bapanipun.

Ing waosan kita, Rasul Paulus ngiyataken pasamuwan Korinta supados tatag ngadepi kasangsaran gesang. Piyambakipun atur paseksi bilih kawontenanipun sacara kamanungsan asring nandhang kasangsaran nanging sacara batin tansah kaenggalaken saben dinten (Ay. 16). Rasul Paulus pitados kasangsaran ingkang dipun alami punika badhe manggihaken kamulyan ing Sang Kristus. Karana punika, Rasul Paulus paring pasemon bab tarub, bilih tarub ing donya punika badhe kabongkar, kagantos papan ing swarga ingkang sampun dipun cawisaken Gusti Allah kanggenipun para pitados (5:1). Pramila Rasul Paulus ngatag pasamuwan ing Korinta supados kiyat ngadepi kasangsaran gesang srana ngandelaken Gusti. Awit Gusti Allah sampun maringaken Rohipun ingkang tansah nyarengi lampah gesangipun para pitados. Roh Suci punika ingkang maringi daya kakiyatan dhateng pasamuwan Korinta kangge nglajengaken gesang sadinten-dinten.

Kados pundi kaliyan gesang kita? Punapa ingkang dados sumbering kakiyatan kita ing donya punika? Mangga kita sami nggatosaken piwucalipun Rasul Paulus dhateng pasamuwan Korinta dinten punika. Kakiyatan kita punika pinangkanipun saking Gusti Allah. Bilih kita saged tahan ngadepi mawerni-werni panggodha, pacoban, lan kasangsaran, punika karana kakiyatan saking Gusti. Sampun ngantos kita ngegung-egungaken kakiyatan kita piyambak sacara kamanungsan, nanging sumangga kita tansah ngandelaken Gusti, nyuwun kakiyatan lan kawilujengan salebeting gesang kita. Srana punika, Sang Roh Suci tansah nunggil saha ngiyataken gesang kita ing sadengah kahanan ingkang kita alami. Amin. [AR].

“Tuking kakiyatan lan pitulungan kita punika pinangkanipun saking Gusti.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak