Waosan: Yesaya 50 : 4 – 9a | Pamuji: KPJ. 448
Nats: “Pangeran Allah wus mulang guneman marang Ingsun kayadene murid, supaya Ingsun bisa nyantosakake wong kang lemes lesu kalawan tembung.” (Ayat 4)
Ndherek wonten ing peguron silat tamtunipun sanes prekawis ingkang gampil. Kathah jurus lan tahapan ingkang kedah dipun gladi ngantos dumugi dados murid peguron. Murid punika lajeng pikantuk serat kekancingan ingkang nedhahaken bilih piyambakipun sacara resmi dipun tampi dados anggota peguron. Dene sampun resmi dados anggota, nalika piyambakpun nindakaken jurus ingkang mboten sampurna, piyambakipun mboten badhe dipun dalaken saking peguron punika. Taksih wonten kesempatan kangge piyambakipun nggladi dhiri, awit wonten pengajeng-ajeng saking peguron bilih piyambakipun punika sageda dados murid ingkang sae.
Nabi Yesaya nedhahaken kados pundi Pangeran Yehuwah maringi tanggel jawab ingkang ageng tumraping “Abdining Yehuwah”. Saestu tanggel jawab punika mboten enteng nalika dipun ayahi dening Abdining Yehuwah punika. Wonten tugas pangutusan ingkang kedah dipun tindakaken ing satengah-tengahing donya punika. Langkung awrat malih nalika manggihi sakathahing mengsah ing satengah-tengah donya punika. Ananging kanthi kahanan ingkang kados mekaten punika, saestu Pangeran Yehuwah ingkang ngutus abdinipun punika mboten badhe negakaken abdinipun. Panjenengan-Ipun nyembadani punapa ingkang dipun betahaken abdinipun. Panjenenganipun badhe njangkepi abdinipun kalawan prekara-prekara agung ingkang dipun babaraken dening Sang Abdi tumraping sedaya tiyang ingkang lungkrah batinipun. Saestu Pangeran Yehuwah badhe njangkepi kanthi sembada Abdi-nipun ingkang kapiji.
Abdinipun Gusti Allah ingkang mbabaraken karsa-Nipun kanthi sampurna, kita panggihi ing Gusti Yesus Kristus. Wonten ing Pekan Suci punika kita sesarengan kaajak nggegilut kados pundi Gusti Yesus Abdinipun Gusti Allah ingkang sampurna punika nimbali saha nyawisaken kita. Dhawuh, karsa lan tugas ingkang sami kalantaraken dening Gusti Yesus tumraping kita sedaya. Sinaosa wonten ing pungkasan pakaryanipun, Para Rasul dumawah wonten ing kegagalan, ananging punika mboten ateges timbalan minangka abdinipun Allah punika ical saking gesangipun. Kita taksih kaparingan wekdal kangge nggladi dhiri lan nindakaken pakaryan ingkang agung wonten ing gesang kita. Katitik adheging Greja, kita ugi katimbalan minangka abdinipun Allah. Sugeng nggladhi diri. Amin. [TP].
“Gusti kang nimbali, Gusti kang nyembadani.”