Waosan : Yehezkiel 33 : 10 – 16 | Pamuji : KPJ. 62 : 1, 2
Nats:“Sakehing dosa kang dilakoni ora bakal kaeling maneh; dheweke wus nglakoni kaadilan lan kabeneran, mulane mesthi bakal urip“ (Ay. 16)
Wonten tembung ingkang mekaten: “Teklek kecemlung kalen, tegesipun tinimbang golek aluwung balen”. Tiyang anem mestinipun mangertosi tembung punika, mliginipun ingkang asring ing kahanan galau. Yen boten enggal move on saged-saged malah dados CLBK utawi Ayo Balen Maneh. Kasunyatanipun, kahanan ingkan kados mekaten boten namung dipunlampahi tiyang anem nalika wonten ing lara ati utawi galau. Ing kahanan iman kita inggih kedahipun mekaten nalika kita wonten ing swasana dosa.
Waosan kita dinten punika paring pitedah bilih nalika umat Israel wonten ing kahanan dosa, ingkang sampun dipuntindakaken ing pigesangan, Gusti Allah ngajak supados umatipun wangsul malih ing pangrehipun. Nebihi Gusti Allah lan sabdanipun, wah malih nganggep bilih tumindak sae ing gesangipun saged maringi kawilujengan saged dipunwastani sikap ingkang gambaraken iman kang mati. Boten cekap namung ngendelaken tumindak sae. Nebihi Gusti lan sabdanipun inggih saged kagolong dosa. Pramila, saben tiyang pitados ingkang purun ngakeni kahanan dosanipun lan wangsul malih dumateng Gusti Allah, mesti nampeni prajanji kadosdene ing ayat 16. Gusti Allah janji maringi gesang enggal kangge saben tiyang ingkang purun ‘balen maneh’ kaliyan Gusti.
Katresnanipun Gusti Allah saestu agung tumrap gesang kita. Gusti Allah prajanji kaadilan lan kabeneran tumrap kita supados kita yakin saestu nderek Gusti. Mila, badhe ngrantos punapa malih? Saben kita ing kahanan punapa kemawon sampun tebih saking Gusti Allah nanging malah purun ngucap “Aku Balen Maneh”.(FNS).
“Kula tresna Gusti Yesus, saben dinten saben prekawis lan saben kahanan ”