Tansah Setya Pancaran Air Hidup 27 Juni 2023

27 June 2023

Waosan: Wahyu 2 : 8 – 11 | Pujian: KPJ. 65 : 1
Nats:Sira disetya tuhu nganti tumeka ing pati, temah bakal Sunganjar makuthaning kauripan.” (Ayat 10)

Ing satunggaling kutha ing Jepang, wonten patung segawon ingkang misuwur awit cariyos ingkang nengsemaken manah. Patung segawon punika biasa dipun sebat Hatchiko. Patung punika nggambaraken bab kasetyan ingkang dipun gadhahi kaliyan segawon dhumateng tuanipun. Miturut cariyos ingkang sampun wonten ing masyarakat, segawon punika saben dinten ngeteraken lan nyusul tuanipun punika wonten stasiun Shibuya. Ing sawijining dinten, tuan punika seda wonten kantor ing pundi piyambakipun nyambut damel. Hatchiko tansah setya ngrantos tuanipun punika wonten stasiun, sanadyan tuan ingkang dipun rantos punika mboten enggal rawuh. Lajeng Hatchiko ugi ngajal wonten ing stasiun Shibuya lan warga Jepang ndamel patung Hatchiko kangge nggambaraken bab kasetyan.

Smirna punika dipun wastani kutha ingkang endah lan makmur. Ananging karana imanipun dhumateng Gusti Yesus, pasamuwan ing Smirna nandhang kaprihatosan, kasisahan, lan aniaya. Ing kahanan ingkang mekaten punika, pasamuwan ing Smirna tansah setya dhumateng Yesus Kristus. Pasamuwan Smirna pitados bilih Gusti Yesus saged ngraosaken lan mangertos punapa ingkang dipun alami pasamuwan punika, karana Yesus piyambak nate ngraosaken kaprihatosan, dipun salib, seda, lajeng wungu. Namung Gusti Yesus ingkang dados pangajeng-ajengipun lan sumbering kakiyatan pasamuwan Smirna kangge nglajengaken gesang. Pramila Gusti Yesus dhawuh “Sira disetya tuhu nganti tumeka ing pati, temah bakal Sunganjar makuthaning kauripan.” Dhawuh punika dipun tindakaken dening pasamuwan Smirna, tansah setya dhumateng Gusti Yesus dumugi ing pati.

Kados dene Gusti Yesus ingkang sampun paring piwucal nggih punika setya ngantos seda wonten ing kajeng salib. Panjenenganipun ugi nimbali kita supados setya ngantos ing pungkasaning gesang kita. Mangga kita lampahi gesang kita kanthi setya, kita nyuwun kakiyatan dhateng Gusti supados kita saged nindakaken sadaya ayahan kita kanthi setya. Kita pitados makuthaning kauripan sampun cumawis kangge kita ingkang setya. Amin. [nda].

“Tansah setya tuhu dhumateng Gusti Yesus ngantos ing pungkasaning gesang”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak