Waosan: Jabur 111 : 1 – 10 | Pamuji: KPJ. 385
Nats: “Pakaryane Sang Yehuwah iku agung, patut dititi-priksa dening sakehing wong kang kasengsem.” (Ayat 2)
Penelitian jejak karbon tumraping barang purbakala lan situs mangsa kepengker, nedahaken dhumateng para peneliti informasi sepinten umuripun barang utawi situs punika. Lumantar informasi umuripun barang purbakala lan situs punika, para peneliti saged niti priksa babakan kabudayaan saha teknologi masyarakat ingkang wonten ing mangsa barang utawi situs punika kawangun. Asring para peneliti punika rumaos gumun lan manahipun sami kaeraman tumraping sedaya kaendahan saha kaelokan budaya lan teknologi ing mangsa kepengker.
Juru Mazmur ing waosan dinten punika, pirsa bilih pakaryanipun Gusti Allah punika saestu agung lan elok. Pakaryanipun Gusti Allah punika saestu pakaryan ingkang nengsemaken manah. Pakaryanipun Gusti Allah ingkang nengsemaken punika kababar lumantar kaadilan-Ipun ingkang kagelar wonten ing satengah-tengahing umat-Ipun, pangrimatan-Ipun tumraping umat-Ipun. Pakaryan-pakaryan punika saestu ndadosaken manah Juru Mazmur kaeraman. Miturut Juru mazmur, pakaryanipun Gusti Allah punika langkung dipun titi priksa saestu langkung nengsemaken saha ngeramaken manah.
Lumantar paseksenipun Juru mazmur, kita kaajak niti priksa pakaryan-Ipun Gusti Allah ing salebeting gesang kita. Lumantar punapa kita saged nyekseni pakaryanipun Allah punika? Ing wulan tumitahing jagad punika, kita saged nyekseni bilih alam raya saisinipun punika saestu wujud pakaryanipun Gusti Allah. Wiwit ingkang alit ngantos ingkang agung ing alam raya punika, sedaya katitahaken dening Gusti Allah. Cobi kita tingali alam ing sakiwa tengen kita punika. Tamtu manah kita badhe kasengsemaken lan kaeramaken awit pakaryanipun Allah punika. Karana punika kita ugi dipun timbali kangge makarya ngrimati lan nglestantunaken alam punika. Sumangga kita ngupadi kasaenan kangge alam punika, awit kita sedaya kagungan tanggel jawab kangge lestarining alam punika. Sarana pambudidaya punika, tiyang sanes ugi saged ngraosaken pakaryanipun Allah ing agung punika. Amin. [TP].
“Pakaryanipun Allah tansah nengsemaken manah.”